Abstrak


ANALISIS KARAKTER WANITA JAWA SAJRONE ANTOLOGI CERKAK MURWANI ANGGITANE J.F.X. HOERY LAN RELEVANSINE MINANGKA BAHAN AJAR ING SMA


Oleh :
Tiyas Nur Anufah - K4219075 - Fak. KIP

Tiyas Nur Anufah. K4219075. ANALISIS KARAKTER WANITA JAWA SAJRONE ANTOLOGI CERKAK MURWANI ANGGITANE J.F.X. HOERY LAN RELEVANSINE MINANGKA BAHAN AJAR ING SMA. Skripsi, Surakarta: Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret Surakarta, Juni 2023.

            Panaliten menika ancasipun kagem ngandharaken (1) unsur intrinsik sajroning antologi cerkak Murwani anggitanipun J.F.X. Hoery, (2) karakter wanita Jawa sajroning antologi cerkak Murwani anggitanipun J.F.X. Hoery, sarta (3) relevansinipun antologi cerkak Murwani anggitanipun J.F.X. Hoery minangka bahan ajar ing SMA. Panaliten menika kalebu panaliten kualitatif kanthi tintingan feminisme. Sumber dhata sajroning panaliten menika arupa dokumen asil analisis struktural lan analisis karakter wanita jawa antologi cerkak Murwani anggitanipun J.F.X. Hoery, sarta informan ahli basa lan budaya Jawa,  guru basa Jawa lan siswa kelas X SMA. Teknik kagem ngempalaken dhata ingkang dipun gunakaken sajroning panaliten menika inggih menika teknik wawan pangandhikan sarta elisitasi dokumentasi. Panaliti gunakaken uji validitas dhata inggih menika triangulasi teori lan triangulasi dhata.

            Asil saking panaliten menika yaiku: (1) unsur intrinsik antologi cerkak Murwani ingkang kaperang saking tema, paraga/tokoh, alur, latar, sarta sudut pandang, (2) wujudipun karakter wanita Jawa sajroning antologi cerkak Murwani antawisipun karakter sopan, wani, teges, angel anggenipun terus terang, remen ngesah, tanggung jawab, wicaksana, kenes, mandhiri, pinter, lugu, sarta pesimis. Antawisipun karakter wanita Jawa menika wonten ingkang jumbuh kalih presfektif feminisme, wonten uga ingkang kirang utawi mboten jumbuh kalih presfektif feminisme, (3) asil kajian antologi cerkak Murwani relevan minangka bahan ajar ing SMA amargi gadhah kriteria ingkang jumbuh kalih alternatif bahan ajar apresiasi sastra ing SMA.