Abstrak


Kepribadian Tokoh Wiro Sentono dalam Naskah Drama Radio Nggege Mangsa Karya Wijoseno (Sebuah Pendekatan Psikologi Sastra)


Oleh :
Uswatun Nisak - B0116059 - Fak. Ilmu Budaya

Abstrak

Pr?kawis ingkang dipunr?mbag wont?n panalite?n punika, inggih punika: (1) kados pundi kaitanipun struktur ingkang ambangun naskah drama radio Nggege Mangsa anggitanipun Wijoseno miturut teori struktural Soediro Satoto; (2) kados pundi kapribadianipun paraga Wiro Sentono miturut teori Sigmund Freud.
Ancasipun  panalite?n  punika   antawisipun:   (1)   ngandharak?n  kaitanipun struktur ingkang ambangun naskah drama radio  Nggege Mangsa anggitanipun Wijoseno miturut teori struktural Soediro Satoto; (2) ngandharak?n kapribadianipun paraga Wiro Sentono miturut teori Sigmund Freud.
Ginapae?dahing te?or?tis panalite?n punika, kaajab sag?d nambahi wawasan sastra saking  s?gi psikologis  lan nambahi khazanah panalite?n sastra Jawa lan awujud modhel panalite?n psikologi sastra kangge panalite?n salaj?ngipun. Ginapae?dahing praktis panalite?n inggih punika, kaajab sag?d nambahi wawasan, pengalaman  lan  nyukani  informasi  kaliyan  bebrayan  ag?ng  kapribadianipun paraga Wiro Sentono wont?n naskah drama radio Nggege Mangsa anggitanipun Wijoseno.
Wujudipun panalite?n inggih punika panalite?n sastra kanthi teknik desriptif kualitatif. Sumber data panalite?n saking naskah drama radio kanthi irah-irahan Nggege Mangsa anggitan ingkang kaproduksi de?ning LPP RRI Surakarta. Datanipun unsur-unsur struktural karya sastra lan tembung ingkang kawigatan kaliyan psikologi kapribadianipun Wiro Sentono.
Teknik pang?mpalan data wont?n panalite?n m?nika ngginakak?n analisis isi. Analisis data panalite?n m?nika angginakak?n analisis data interaktif, inggih m?nika reduksi data, sajian data, lan simpulan.
Dudutan saking panalite?n inggih punika: (1) s?daya kaitanipun antawis unsur-
unsur  struktural  naskah  drama  radio  Nggege  Mangsa  anggitanipun  Wijoseno samya  rumak?t  dados  sawijining  kamanunggalan  ingkang  e?ndah;  (2)  miturut aspek  psikologi  sastra,  naskah  drama  radio  Nggege  Mangsa  anggitanipun Wijoseno ngandharak?n bab kapribadianipun paraga Wiro Sentono ingkang anggadhahi pr?kawis ingkang pangaruh de?ning faktor internal lan eksternal ingkang hange?wahi kapribadianipun. Teori kepribadian psikologi Sigmund Freud saged ngendalikak?n s?daya awujud kangge? ngawujudak?n kal?r?san.

T?mbung wos: Drama Radio, Kapribadeen Paraga, Psikologi Sastra.