Abstrak


Penggunaan Ragam Krama dan Nilai Budi Pekerti Pada Naskah Sandiwara Adipati Pandanaran Karya Angga RR Serta Relevansinya Dalam Pembelajaran Bahasa Jawa Di Kelas IX SMP Negeri 1 Sukoharjo


Oleh :
Heni Intan Dewi - K4218028 - Fak. KIP

-Sandhiwara basa Jawa minangka tetingalan basa Jawa ingkang kinandhut amanat ing sajroning crita ingkang dipunpentasaken. Ing pasinaon Basa Jawa SMP Kelas IX wonten kompetensi nelaah naskah sandhiwara. Naskah sandhiwara kang dipunwucalaken padatanipun namung migunakaken buku teks ingkang sampun wonten. Naskah sandhiwara menika kaajab saged ningkataken minatipun siswa ing pasinaon amarga wontenipun variasi materi ingkang benten. Panaliten menika nggadhahi ancas kangge ngandharaken ragam krama ing naskah sandhiwara Adipati Pandanaran anggitanipun Angga RR, nilai budi pekerti ingkang kinandhut wonten ing salebeting sandhiwara Adipati Pandanaran anggitanipun Angga RR kaliyan relevansinipun wonten pasinaon Basa Jawa ing Kelas IX SMP Negeri 1 Sukoharjo. Panaliten menika panaliten deskriptif kualitatif ingkang ngginakaken dhata awujud naskah sandhiwara Adipati Pandanaran anggitanipun Angga RR lan wawanrembag kaliyan informan. Teknik pamendhetan sampel ngginakaken purposive sampling. Teknik pangempalan dhata ngginakaken analisis dokumen lan wawanrembag. Uji validitas dhata ngginakaken triangulasi teori lan triangulasi sumber dhata. Teknik analisis dhata wonten ing panaliten menika ngginakaken teknik analisis interaktif. Asiling panaliten menika ngandhut ragam krama ing naskah sandhiwara Adipati Pandanaran anggitanipun Angga RR ingkang awujud ragam krama alus 48,38% kanthi gangsal welas dhata lan ragam krama lugu 51,62% enem belas dhata. Nilai budi pekerti ingkang wonten ing sajroning sandhiwara Adipati Pandanaran anggitanipun Angga RR kanthi nilai religiusitas ingkang sanget ketingal inggih menika 31, 25% kanthi gangsal dhata. Asiling akhir paneliten nedahaken naskah Adipati Pandanaran anggitanipun Angga RR saged dipun- relevansi-aken wonten ing pasinaon Basa Jawa ing SMP. Tembung wos: Ragam krama, nilai budi pekerti, sandhiwara, relevansi