Penulis Utama : Deselita Saraswati
NIM / NIP : B0115015
×

Pêrkawis ingkang dipunrêmbag ing panaliten punika, 1) kados pundi ekspresi vêrbal ing salêbêting upacara kêbo kêtan ing Desa Sekaralas Kecamatan Widodaren  Kabupaten  Ngawi?,  2)  kados  pundi  makna  kultural  wontên  ing ekspresi nonvêrbal  upacara kêbo kêtan ing Desa Sêkaralas Kêcamatan Widodaren Kabupaten Ngawi?. Ancasipun panaliten inggih punika, 1) njlentrehakên wujud ekpresi vêrbal ing salêbêting upacara kêbo kêtan ing Desa Sêkaralas Kêcamatan Widodaren  Kabupaten  Ngawi,  2)  njlentrehakên  makna  kultural  wontên  ing ekspresi nonvêrbal upacara kêbo kêtan ing Desa Sêkaralas Kêcamatan Widodaren KabupatenNgawi.
Panaliten punika ngginakakên kajian etnolinguistik, lan jenis panalitenipun deskriptif kualitatif, inggih punika gambarakên kahanan ingkang nyata wonten ing lapangan. Panggenan panaliten punika wontên ing Desa Sêkaralas Kêcamatan Widodaren Kabupaten Ngawi. Dhata panaliten punika awujud dhata lisan inggih punika tembung, frasa, klausa lan ukara wonten ing upacara kebo ketan ingkang dipun tindakaken masyarakat ing Desa Sekaralas Kecamatan Widodaren Kabupaten Ngawi. Panaliten punika inggih ginaaken dhata tulis saking buku seni kejadian berdampak. Sumber dhata panaliten inggih punika informan,  saha buku seni kejadian berdampak. Alat panaliten punika alat utama inggih punika panaliti piyambak  saha alat pendukung awujud alat tulis, alat rekam saha kamera. Kagem nemtoaken informan damel teknik sampling. Metodhe pangempalan data ngginakaken metode simak libat cakap ngginakakên teknik wawancara, rekam lan cathet. Validitas data dipunginakakên kagêm mantepaken asil panaliten.  Metode analisis dhata ngginakakên metode distribusional lan metode padan. Penyajian asil analisis dhata ngginakaken metodhe formal lan informal.
Dududan asil panaliten punika wonten 3 wujud saking ekspresi vêrbal inggih punika monomorfemis, polimorfemis lan frasa. Makna kulturalipun dipunpêndhêt saking informan lan dipunjarwani dening panaliti. Makna kultural awujud gambar sesaji, peralatan upacara, lan prosesi ingkang anggadhahi makna kultural lan nggambaraken pola pikir lan pandhangan klawan donyanipun.

Tembung wos    :   ekspresi   verbal,   nonverbal,   upacara   kebo   ketan,   Ngawi, etnolinguistik

×
Penulis Utama : Deselita Saraswati
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : B0115015
Tahun : 2019
Judul : Ekspresi Verbal dan Nonverbal dalam Upacara Kebo Ketan di Desa Sekaralas Kecamatan Widodaren Kabupaten Ngawi (Kajian Etnolinguistik)
Edisi :
Imprint : Surakarta - F. Ilmu Budaya - 2019
Program Studi : S-1 Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS-FIB Jur. Sastra Daerah-B0115015-2019
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Drs. Sujono, M.Hum
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. Ilmu Budaya
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.