Abstrak


Pasemon Lan Kritik Sosial Sajroning Cakepan Gendhing Beksan Golek Jangkung Kuning Lan Gayutane Minangka Materi Pasinaon Basa Jawa SMA


Oleh :
Maharsi Wicaksono Asyoko - K4222047 - Fak. KIP

endhing pangiring beksan Golek Jangkung Kuning kang nduweni piwulang luhur lan tepa tuladha tumrap siswa kang diwujudake lumantar pasemon lan kritik sosial.Panaliten iki nggoleki lan ngandarake wujud pasemon lan kritik sosial sajroning cakepan gendhing beksan Golek Jangkung Kuning, sabanjure digayutake minangka materi pasinaon basa Jawa ing SMA. Panaliten iki yaiku panaliten kang gunakake metode desktiptif kualitatif kanthi wujud pendekatan pragmatik kanggo ngandharake pasemon lan sosiologi sastra kanggo ngandharake kritik sosial. Sajroning panaliten iki dhata primer ing panaliten iki awujud dokumen saka cakepan gendhing lan dhata sekunder awujud wawanrembug kaliyan informan kang winasis saka bab kasusastran lan seni kabudayan Jawa. Tatacara ngumpulake dhata kanthi analisis dokumen lan wawanrembug sesarengan narasumber. Tatacara ngesahake dhata ginakake triangulasi metode lan triangulasi sumber. Tatacara nganalisis dhata kanthi reroncening kang kawiwitan saka ngumpulake dhata, nyuda dhata, nyuguhake dhata, lan narik dhudhutan. Asil dhudhutan saka cakepan gendhing Golek Jangkung Kuning kang nduweni sakatahing pasemon kang bisa dadi wujud andharan kritik sosial ngenani perkara individu lan kedadean apa wae kang ana ing bebrayan. Pasemon lan kritik sosial iki ngemot piwulang luhur, wedharan budi pakarti, tatanan sosial, lan refleksi moral kang ana ing urip padinan bebrayan. Dhudhutan saka panaliten iki uga gegayutan minangka materi pasinaon basa Jawa kelas XII SMA.