Abstrak
Efektivitas Panganggone Medhia Flash Cards "Si Raja" tumrap Kaprigelan Maca Aksara Jawa Siswa Kelas VIII SMP Negeri 9 Kota Surakarta
Oleh :
Nur Khasanah - K4222058 - Fak. KIP
Nur
Khasanah. K4222058. Pembimbing: Dr. Astiana Ajeng Rahadini, S.Pd., M.Pd. EFEKTIVITAS
PANGANGGONE MEDHIA FLASH CARDS “SI RAJA” TUMRAP KAPRIGELAN MACA
AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 9 KOTA SURAKARTA. Skripsi,
Surakarta: Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan, Universitas Sebelas Maret
Surakarta, Mei 2026.
Panaliten menika duwe ancas kanggo (1) Ngukur
bedane kaprigelan maca aksara Jawa antarane kelompok siswa kang nggunakake
medhia flash cards lan kelompok kang nggunakake medhia salindia (powerpoint)
ing kelas VIII SMP Negeri 9 Kota Surakarta. (2) Mbuktekake kaprigelan maca
aksara Jawa siswa kelas VIII kang
diwenehi medhia flash cards luwih dhuwur tinimbang siswa kang diwenehi
medhia salindia. Panaliten menika nggunakake metodhe kuantitatif kanthi jinis eksperimen
semu, rantaman panaliten kang dipilih yaiku Static-Group Comparison.
Sumber dhata ing panaliten menika yaiku siswa kelas VIII SMP Negeri 9 Kota
Surakarta. Tatacara njupuk sampel yaiku
nggunakake cara Cluster Random Sampling, kelas VIII G minangka kelas eksperimen
lan kelas VIII F minangka kelas kontrol. Tatacara nglumpukake dhata
ditindakake kanthi cara tes nggunakake soal pilihan ganda cacahe 20 soal.
Tatacara ngesahake dhata kang digunakake yaiku validitas isi lumantar penilaian
ahli lan validitas empirik nggunakake rumus Corrected Item-Total Correlation.
Asil panaliten nuduhake bilih panganggone medhia flash cards “Si Raja”
efektif kanggo ngundhakake kaprigelan maca aksara Jawa siswa kelas VIII SMP
Negeri 9 Kota Surakarta. Adhedhasar uji independent samples t-test,
dientukake nilai Sig. (2-tailed) 0,011 < 0,05 lan t-hitung 2,633 >
t-tabel 2,000, kang tegese ana perbedaan signifikan antarane kelas eksperimen
lan kelas kontrol. Rata-rata asil tes kaprigelan maca aksara Jawa ing
kelas eksperimen 79,52, angka kasebut luwih dhuwur tinimbang kelas kontrol
mung 69,35. Medhia flash cards “Si Raja” kabukten luwih efektif
tinimbang medhia salindia.