Abstrak


Lelewaning Basa lan Nilai Kapamimpinan Tokoh Abimanyu Sajroning Serat Pedhalangan Wahyu Cakraningrat sarta Relevansine kanggo Materi Ajar Basa Jawa Siswa SMP


Oleh :
Syasya Nur Amalina - K4222073 - Fak. KIP

Syasya Nur Amalina K4222073. Pembimbing: Dr. Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum. LELEWANING BASA LAN NILAI KAPAMIMPINAN TOKOH ABIMANYU SAJRONING SERAT PEDHALANGAN WAHYU CAKRANINGRAT SARTA RELEVANSINE KANGGE MATERI AJAR BASA JAWA SISWA SMP. Skripsi, Surakarta: Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret Surakarta, Juli 2026.             Panaliten iki nduweni ancas kanggo ngandharakake lelewaning basa lan nilai kapamimpinan paraga Abimanyu sajroning Serat Pedhalangan Wahyu Cakraningrat anggitane Bambang S. Wijanarko sarta relevansine minangka materi pasinaon basa Jawa ing SMP. Panaliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif kanthi tintingan stilistika. Sumber dhata yaiku Serat Pedhalangan Wahyu Cakraningrat anggitane Bambang S. Wijanarko lan infroman wawanrembug antarane yaiku guru basa Jawa SMP, siswa kelas IX SMP, lan ahli basa. Teknik sampling nggunakake purposive sampling. Pangumpulan dhata kanthi cara analisis dokumen, wawanrembug, sarta dokumentasi. Dhata dianalisis nggunakake teknik analisis Spardley, yaiku analisis domain, taksonomi lan komponensial. Uji validitas nggunakake triangulasi teori lan triangulasi sumber dhata. Asil panaliten iki njlentrehake lelewaning basa mligi basa kiasan katemokake jinis simile, antonomasia, metafora, lan sinisme, nilai kapamimpinan paraga Abimanyu lelandesan prinsip Ki Hajar Dewantara katemokake dhata paling akeh ing prinsip Ing Madya Mangun Karsa, sarta gayutane karo materi ajar basa Jawa mligine teks sastra wayang ing siswa kelas IX SMP kang tumprap karo Kompetensi Dhasar lan Capaian Pembelajaran.