Abstrak


Efektifitas Panganggone Medhia Flash Cards "HANESS" Tumrap Kaprigelan Maca Aksara Jawa Siswa Kelas VII SMP Negeri 9 Kota Surakarta


Oleh :
Fadila Farah Nur Annisa - K4222028 - Fak. KIP

Fadila Farah Nur Annisa. K4222028. Pembimbing: Dr. Astiana Ajeng Rahadini, S.Pd., M.Pd. EFEKTIVITAS PANGANGGONE MEDHIA FLASH CARDS “HANESS” TUMRAP KAPRIGELAN MACA AKSARA JAWA SISWA KELAS VII SMP NEGERI 9 KOTA SURAKARTA. Skripsi, Surakarta: Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan, Universitas Sebelas Maret Surakarta, Juni 2026. Panaliten iki duweni ancas kanggo ngerteni bedhane panganggone medhia flash cards “HANESS” lan medhia canva tumrap kaprigelan maca aksara Jawa siswa kelas VII SMP Negeri 9 Kota Surakarta taun ajaran 2025/2026. Perkara kang ditemokake yaiku kurange kaprigelan siswa anggone maca aksara Jawa amarga medhia pasinaon kang digunakake kurang narik kawigaten lan monoton. Metodhe panaliten kang digunakake yaiku eksperimen kuantitatif kanthi nggunakake posttest only control group design. Sampel dipilih nggunakake teknik cluster random sampling kang dumadi saka kelas eksperimen lan kelas kontrol. Subjek panaliten yaiku siswa kelas VII SMP Negeri 9 Kota Surakarta. Dhata diklumpukake liwat tes banjur dianalisis nggunakake uji hipotesis independent sample t-test. Kahanan kelas eksperimen nuduhake swasana pasinaon kang luwih interaktif. Suwalike, swasana pasinaon ing kelas kontrol kurang bisa nggugah minat lan partisipasi aktif siswa. Asil nudhake nuduhake menawa rata-rata kelas eksperimen yaiku 84,22 luwih dhuwur tinimbang rata-rata kelas kontrol yaiku 69,22. Asil uji hipotesis nuduhake nilai signifikansi 0,00 < 0,05 tegese ana pambeda kang signifikan antarane rong kelas kasebut. Andharan ing panaliten menika yaiku medhia flash cards “HANESS” efektif kanggo ngundhakake kaprigelan maca aksara Jawa siswa kelas VII SMP Negeri 9 Kota Surakarta.