Abstrak


EFEKTIVITAS METODHE PASINAON CLT (COMMUNICATIVE LANGUAGE TEACHING) SAJRONING NGUNDHAKAKE KAPRIGELAN MICARA PAWARTA BASA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 1 KEBAKKRAMAT


Oleh :
Jefrita Estha Rismayaristi - K4222042 - Fak. KIP

Jefrita Estha Rismayaristi, K4222042. Pembimbing: Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd., Ph.D. EFEKTIVITAS METODHE PASINAON CLT (COMMUNICATIVE LANGUAGE TEACHING) SAJRONING NGUNDHAKAKE KAPRIGELAN MICARA PAWARTA BASA JAWA SISWA KELAS 8 SMP NEGERI 1 KEBAKKRAMAT. Skripsi, Surakarta: Fakultas Keguruan lan Ilmu Pendidikan, Universitas Sebelas Maret, September 2026.Panaliten iki duweni ancas kangge ngandharake: (1) panganggone metodhe pasinaon Communicative Language Teaching (CLT) sajroning pasinaon micara pawarta basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 1 Kebakkramat; (2) efektivitas metodhe CLT sajroning ngundhakake kaparigelan micara kasebut; lan (3) signifikansi beda asil pasinaon antarane kelas kontrol kaliyan kelas eksperimen. Panaliten menika nggunakake metodhe deskriptif kuantitatif. Data panaliten awujud nilai pre-test lan post-test siswa kang diolehake saka kelas VIII A (kelas kontrol) lan kelas VIII B (kelas eksperimen). Sumber dhata tambahan yaiku asil observasi lan dhokumen kang selaras. Teknik jupuk sampel nggunakake purposive sampling. Teknik nglumpukake dhata yaiku pre-test, post-tes, lan dhokumentasi, ingkang divalidasi lumantar uji validitas lan reliabilitas instrumen. Analisis data nggunakake uji prasaarat (uji normalitas lan homogenitas) ingkang dipunlajengaken kaliyan uji hipotesis nggunakake paired sample t-test lan independent sample t-test. Asiling panaliten nuduhake yen: (1) metode CLT efektif sanget sajroning ngundhakake kaprigelan micara pawarta basa Jawa siswa, kanthi nilai thitung = -34,794 lan ttabel = -2,040. Amarga nilai signifikansi 0,000 < 0,05, mula H₀ ditampik dan H₁ ditampa, kang mbuktekake ana undhakan kang signifikan antawis nilai pre-test lan post-test ing kelas eksperimen. (2) Ana beda asil kang signifikan antarane kelas kontrol lan kelas eksperimen (thitung = 6,286, signifikansi(2-tailed)  = 0,00 < 0,05), ingkang nuduhake yen kelas eksperimen ngasilake asil pasinaon kang luwih apik.