Abstrak
PIWULANG KABUDAYAN TRADHISI SEWU KUPAT DESA COLO, KECAMATAN DAWE, KABUPATEN KUDUS LAN RELEVANSINE KALIYAN MATERI AJAR BASA JAWA SISWA SMP
Oleh :
Aisyka Ramadhanti Talula Putri - K4222002 - Fak. KIP
Aisyka Ramadhanti Talula Putri K4222002. Pembimbing: Dr. Budi Waluyo, S.S.,M.Pd. PIWULANG KABUDAYAN TRADHISI SEWU KUPAT DESA COLO, KECAMATAN DAWE, KABUPATEN KUDUS LAN RELEVANSINE KALIYAN MATERI AJAR SISWA SMP. Skripsi, Surakarta: Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret Surakarta, Juli 2026. Panaliten iki nduweni ancas kanggo njlentrehake prosesi Tradhisi Sewu Kupat ing Desa Colo, Kecamatan Dawe, Kabupaten Kudus, njlentrehake piwulang kabudayan kang kinandhut ing sajrone tradhisi, lan njlentrehake relevansine karo materi ajar Bahasa Jawa kanggo siswa SMP. Panaliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhata ing panaliten iki yaiku Perangkat Desa, sesepuh tradhisi, dwija Bahasa Jawa SMP Negeri 1 Dawe, lan siswa SMP Negeri 1 Dawe. Dhata diklumpukake kanthi teknik observasi, wawanrembug, lan dokumentasi. Analisis dhata nggunakake model Miles lan Huberman, yaiku reduksi dhata, penyajian dhata, lan penarikan dudutan. Asil panaliten nuduhake yen Tradhisi Sewu Kupat nduweni lima piwulang kabudayan, yaiku piwulang religius, sosial, moral lan etika, estetika, lan pelestarian budaya. Piwulang kasebut nduweni relevansi karo Capaian Pembelajaran Bahasa Jawa Fase D, mligine elemen Membaca ing konteks sosial budaya. Mula, Tradhisi Sewu Kupat bisa dimanfaatake minangka sumber materi ajar Bahasa Jawa ngenani teks deskripsi kabudayan lokal kanggo siswa SMP.