Abstrak


LELEWANING BASA PERBANDINGAN LAN PERTENTANGAN SAJRONING SEPULUH LIRIK TEMBANG CAMPURSARI DIDI KEMPOT SARTA RELEVANSINE TUMRAP PASINAON BASA JAWA ING SMP


Oleh :
Vulan Febriana Citra - K4219079 - Fak. KIP

Panaliten iki nduweni ancas kanggo ngandharake wujud lelewaning basa perbandingan lan pertentangan ing sajrone sepuluh lirik tembang campursari anggone Didi Kempot, sarta relevansine tumrap pasinaon Basa Jawa ing SMP. Tembang minangka objek ing sajrone panaliten yaiku tembang Aja Mudhik, Prau Layar, Nunut Ngiyup, Ngegem Watu, Taman Jurug, Pasar Klewer, Gusti Ora 
Sare, Kasteyane Prajurit, Sopir No. 1, lan Lampu Mati. Panliten iki kalebu ana ing sajrone panaliten kualitatif amarga migunakake metodhe dheskriptif kanthi tintingan stilistika. Dhata kang dipungunakake yaiku tembang anggitanipun Didi Kempot. Sumber dhatane kapundhut saka dhokumen lan wawanrembug. Subjek panaliten dipunjupuk kanthi migunakake tatacara purposive sampling. Cara nglumpukake dhata panliten kasebut yaiku kanthi nganalisis dhokumen lan asil wawanrembug. Teori kang dipungunakake panliti ana ing sajrone panaliten  menika yaiku teori saka ahli basa Henry Guntur Tarigan lan Gorys Keraf. Adhedhasar saka asil panaliten menika, bisa dipundudut tembang kang dipungunakake panliti minangka objek panaliten ngandhut lelewaning basa 
perbandingan lan pertentangan. Ana ing sajrone lirik kasebut, akeh tembung-tembung kang sae maknane supaya bisa nambahi kawruh Basa Jawa kanggo siswa 
SMP Negeri 1 Kebakkramat. Pramila tembang-tembang anggitanipun Didi Kempot sae didadekake bahan ajar kanggo pasinaon alternatif liyane kanggo geguritan ing SMP Negeri 1 Kebakkramat mligine tumrap kelas IX semester 2. Saka asil panaliten menika, ngasilake implikasi mawi cara teoretis lan praktis. Implikasi teoritise yaiku bisa nambahake kawruh babagan tetembungan Basa Jawa tumrap siswa. Implikasi praktise yaiku minangka salah sawijine tambahan bahan ajar tumrap pasinaon geguritan ing SMP lan minangka medhia  masunggakake karya-karya masarakat Indonesia.