Abstrak


MAKNA SIMBOLIS TRADHISI NGALAP BERKAH WONTEN SAREANIPUN SUNAN KALIJAGA ING DESA KADILANGU LAN RELEVANSINE TUMRAP MATERI UPACARA ADAT (TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA)


Oleh :
Dewinta Enha Putri - K4219017 - Fak. KIP

SARIPATHI

Dewinta Enha Putri. K4219017. Pembimbing I: Dr. Atikah Anindyarini, S.S., M.Hum. Pembimbing II: Dr. Astiana Ajeng Rahadini, S.Pd., M.Pd. MAKNA SIMBOLIS TRADHISI NGALAP BERKAH WONTEN SAREANIPUN SUNAN KALIJAGA ING DESA KADILANGU LAN RELEVANSINE TUMRAP MATERI UPACARA ADAT (TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA). Skripsi, Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan. Universitas Sebelas Maret Surakarta, Oktober 2023. Panaliten duweni ancas kanggo ngandharake teges simbolis lan motivasi masarakat sajrone tradhisi ngalap berkah ing sarean Sunan Kalijaga, sarta relevansine tumrap pasinaon basa Jawa materi uapacara adat. Panaliten iki migunakake metodhe dheskriptif kualitatif kanthi tintiingan antropologi. Dhata kang digunakake ing panaliten iki yaiku rerangkening prosesi, ubarampe, lan motivasi masarakat anggone nindakake tradhisi ngalap berkah ing sarean Sunan Kalijaga. Sumber dhata dijupuk saka wawanrembug, observasi, lan analisis dhokumen. Subjek panaliten dijupuk kanthi migunakake teknik purposive sampling. Dhata ing panaliten iki dilumpukake kanthi cara wawanrembug, observasi, lan analisis dhokumen. Teori kang digunakake panaliti yaiku teori saka winasis antropologi yaiku Endraswara. Adhedhasar asil panaliten bisa dijupuk dudutan menawa tradhisi ngalap berkah ngandhut teges simbolis sajrone prosesi lan ubarampene, sarta ditemokake anane motivasi saka masarakat kanggo nindakake tradhisi kasebut. Sajrone tradhisi ngalap berkah uga kakandhut sawetara piwulang becik kanggo masarakat, salah sijine yaiku ngelingake marang pepati lan ngunjukake pengarep-arep among marang Kang Maha Kuwaos. Pramila, tradhisi ngalap berkah cocok kanggo didadikake materi pasinaon upacara adat ing SMP Negeri 3 Demak, mligine siswa kelas IX semester 1. Panaliten iki ngasilake implikasi arupa teoritis, pedagogis, lan praktis. Implikasi teoritis sajrone panaliten iki yaiku nambah kawruh sarta dadi bahan acuan kanggo ngrembakakake panaliten tradhisi ngalap berkah sateruse. Implikasi pedagogise yaiku minangka pasinaon kang bisa dicakake siswa ing padinan. Dene implikasi praktis ing panaliten iki yaiku bisa dadi pakem kanggo masarakat sajrone nindakake tradhisi ngalap berkah kang trep karo katemtuan, saliyane kuwi uga isa didadikake salah sawijining tambahan bahan ajar ing materi upacara adat ing SMP.