Abstrak


Makna Simbolik lan Nilai-Nilai Sosial Sajroning Tradhisi Babaran Bayi Ing Dhukuh Dawar Boyolali lan Jumbuhe karo Materi Ajar Basa Jawa ing SMP


Oleh :
Anisa Puji Utami - K4219005 - Fak. KIP

Anisa Puji Utami. MAKNA SIMBOLIK LAN NILAI-NILAI SOSIAL SAJRONING TRADHISI BABARAN BAYI ING DHUKUH DAWAR MANGGIS BOYOLALI LAN JUMBUHE KARO MATERI AJAR BASA JAWA ING SEKOLAH MENENGAH PERTAMA. Skripsi, Fakultas Keguruan kaliyan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret Surakarta. Agustus, 2023.
Panaliten punika duweni ancas kangge ngandharake makna simbolik, nilai-nilai sosial, lan relevansine asil analisi ing tradhisi babaran bayi ing Dhukuh Dawar minangka materi ajar Basa Jawa ing SMP.Metodhe ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten punika inggih menika deskriptif kualitatif kanthi tintingan semiotika. Dhata ing panaliten arupa nama, gambar ubarampe, lan tatacara babaran bayi ing Dhukuh Dawar Boyolali. Sumber dhata ing panaliten menika yaiku wonten dokumen kaliyan informan. Tatacara pemundhutan sampel wonten panaliten menika gunakake tatacara purposive sampling. Tatacara jupuk dhata ingkang dipunginakaken  inggih menika observasi, wawanpangandikan, dokumentasi, lan studi pustaka. Tatacara uji validasi ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi teori kaliyan triangulasi dhata. Tatacara analisis dhata ingkang dipunginakaken inggih menika ngempalaken dhata, reduksi dhata, nulis dhata sarta jupuk dudutan.Asil saking panaliten menika saged dipunpundhut dudutan inggih menika (1) wonten makna simbolik sajroning ubarampe kaliyan prosesi ing tradhisi babaran bayi ing Dhukuh Dawar Boyolali yaiku makna simbolik sajroning prosesi ngazani lan iqomahi bayi, makna simbolik sajroning prosesi lan ubarampe mendhem ari-ari, makna simbolik ing prosesi lan ubarame brokohan, ingkang pungkasan inggih menika makna simbolik ing prosesi paras rambut. (2) wonten nilai-nilai sosial sajroning tradhisi babaran bayi inggih menika nilai sosial tulung-tinulung, kekeluwargaan, perduli, rasa duweni, empati, toleransi, lan kerjasama. (3) tradhisi babaran bayi ing Dhukuh Dawar menika jumbuh menawi dados materi ajar kangge pasinaonan Basa Jawa tumrap SMP.