Luthfi Hidayah. K4221046. Pembimbing: Dr. Budi Waluyo, S.S., M.Pd. PRALAMPITA LAN NILAI PENDHIDHIKAN KARAKTER SAJRONING TRADHISI RUWATAN RAMBUT GEMBEL ING DIENG LAN GAYUTANE TUMRAP BAHAN AJAR SMP. Skripsi, Surakarta: Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret, Januari 2025.
Panaliten iki ancase kanggo (1) ngandharake pralampita sajroning Tradhisi Ruwatan Rambut Gembel; (2) ngandharake nilai pendhidhikan karakter sajroning Tradhisi Ruwatan Rambut Gembel; (3) ngandharake gayutane asil panaliten sajroning Tradhisi Ruwatan Rambut Gembel tumrap bahan ajar basa Jawa ing SMP. Metodhe panaliten sing digunakake yaiku deskripstif kualitatif kanthi tintingan Semiotika Roland Barthes. Dhata ing panaliten iki yaiku prosesi lan ubarampe sajroning Tradhisi Ruwatan Rambut Gembel. Sumber dhata panaliten iki yaiku, informan (pemangku adat Dhusun Dieng, Desa Dieng Kulon, guru lan siswa SMP Negeri 1 Kertek), peristiwa (Tradhisi Ruwatan Rambut Gembel), lan dhokumen (jurnal utawa artikel sing relevan). Tatacara njupuk sampel ditindakake kanthi purposive sampling. Nglumpukake dhata ditindakakae kanthi wawanrembug, observasi, lan analisis dhokumen. Tatacara ngesahake dhata ing panaliten iki kanthi triangulasi sumber. Tatacara nganalisis dhata kanthi modhel interaktif (redhuksi dhata, nyajikake dhata, lan narik dudutan. Asil panaliten iki yaiku: (1) pralampita ubarampe sajroning Tradhisi Ruwatan Rambut Gembel minangka lambang kesucian, penghormatan, pengharapan, lan sarana ngaturake donga; (2) nilai pendhidhikan karakter sajroning Tradhisi Ruwatan Rambut Gembel yaiku, prinsip urmat, kerukunan urip, watak arif lan jujur, mawas dhiri, watak eling, unggah-ungguh lan tatakrama sing apik lan bener, ora ngaya lan nrima, lan ngati-ati; (3) asil panaliten iki bisa digayutake tumrap bahan ajar basa Jawa ing SMP Kurikulum Merdeka Fase D Kelas IX ing materi teks deskripsi.