Abstrak


Konsep Memayu Hayuning Bawana lan Kepemimpinan Jawa sajroning Serat Kandha Bumi anggitan Ki Padmasusastra sarta Relevansine minangka Bahan Ajar Pasinaon Basa Jawa SMA


Oleh :
Aldian Tegar Saputra - K4221004 - Fak. KIP

SARIPATHI

Aldian Tegar Saputra. K4221004. Dr. Astiana Ajeng Rahadini, S.Pd., M.Pd. KONSEP MEMAYU HAYUNING BAWANA LAN KEPEMIMPINAN JAWA SAJRONING SERAT KANDHA BUMI ANGGITAN KI PADMASUSASTRA SARTA RELEVANSINE MINANGKA BAHAN AJAR PASINAON BASA JAWA SMA. Skripsi, Surakarta: Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret Surakarta, Maret 2025.

Panaliten iki duweni ancas kanggo ngandharake babagan konsep Memayu Hayuning Bawana lan Kepemimpinan Jawa sajroning Serat Kandha Bumi anggita Ki Padmasusastra lan sabanjure di relevansike minangka bahan ajar pasinaon basa Jawa SMA. Wujud saka panaliten iki yaiku kualitatif deskriptif. Dhata sajroning panaliten iki awujud pethikan saka teks Serat Kandha Bumi lan tafsiran makna sing nuduhake babagan konsep memayu hayuning bawana. Sumber dhata saka panaliten iki yaiku naskah Jawa lan wawanrembag saka informan. Teknik njupuk subjek gunake purposive sampling. Teknik ngesahke dhata gunake triangulasi teori lan metodhe. Sabanjure, tata cara nganalisis dhata gunake teknik njupuk dhata, nyuda dhata, nyajeake dhata, lan jupuk dudutan. Asil saka panaliten iki awujud konsep memayu hayuning bawana babagan sesambungan antarane manungsa karo manungsa 1) rasa tresna welas asih; 2) rasa tepa selira; 3) sikap kurmat mring sesama; 4) ewuh-pekewuh; 5) ngendhaleni emosi; 6) aja dumeh. Sesambungan manungsa karo alam 1) ritual sesuci lan elemen banyu; 2) tetuwuhan sajroning ritual. Sesambungan manungsa karo gusti 1) donga, nrima mring takdir, lan ngakoni kuwasane Gusti; 2) laku utawa usaha. Konsep kepemimpinan Jawa ingkang kamot yaiku 1) ngayomi wasu pitripandhita-resi ingkang ulah puja mesubrata; 2) rumeksa raharjaning praja bumi kelahiran; 3) trisna bangsa welas asih mring kawula dasih; 4) setya ing janji nuhoni sabda ingkang wus kawedhar; 5) tundhuk ing bebener adhedhasar adil. Sarta konsep memayu hayuning bawana lan kepemimpinan Jawa iki bisa digunake kanggo bahan ajar pasinaon basa Jawa SMA kelas XI ing materi Sastra Piwulang.

 

Tembung kunci: Memayu Hayuning Bawana, Kepemimpinan Jawa, Serat Kandha Bumi