Abstrak


PRALAMPITA LAN PIWULANG BUDI PAKARTI SAJRONINGTRADHISI SYA’BANAN ING SENDHANG BEJI SARTA MUMPANGATETUMRAP PASINAON BASA JAWA ING SMP


Oleh :
Usup Iskandar - K4221085 - Fak. KIP

SARIPATHI Usup Iskandar. K4221085. Pembimbing: Dr. Djoko Sulaksono, S.Pd., M.Pd., “Pralampita lan Piwulang Budi Pakarti Sajroning Tradhisi Sya’banan ing Sendhang Beji sarta Mumpangate Tumrap Pasinaon Basa Jawa ing SMP”. Skripsi, Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret, Mei 2025. Panaliten iki duwe ancas kanggo (1) Ngandharake pralampita sajrone tradhisi Sya’banan ing Sendhang Beji, (2) Ngandharake piwulang budi pakarti sajrone tradhisi Sya’banan ing Sendhang Beji, (3) Ngandharake gayutane pralampita lan piwulang budi pakarti sajrone tradhisi Sya’banan ing Sendhang Beji sarta mumpangate tumrap pasinaon Basa Jawa ing SMP. Panaliten iki nggunakake metodhe kualitatif. Tatacara nganalisis dhata manut tintingan saka Spradley kayata analisis domain, analisis taksonomi, analisis komponensial, lan analisis tema kultural. Dhata panaliten awujud foto, kasil wawanrembug, lan analisis dhokumen. Sumber dhata yaiku narasumber, kedadeyan, lan wujud dhokumen kang gayut. Tatacara njupuk subjek panaliten nggunakake metodhe purposive sampling. Tatacara nglumpukake dhata ana observasi, wawanrembug, lan dhokumentasi. Ngesahake dhata nggunakake triangulasi cara. Asil panaliten iki nuduhake anane pralampita ing saben ubarampe kang digunakake sajrone tradhisi Sya’banan ing Sendhang Beji. Piwulang budi pakarti uga kamot sajrone tradhisi kasebut. Sakliyane kuwi asil panaliten pralampita lan piwulang budi pakarti bisa dadi bahan ajar menawa digayutake tumrap pasinaon Basa Jawa ing SMP mligine ing kelas IX materi Teks Deskriptif.