Abstrak


Nilai Estetika dan Makna Novel Dom Sumurup Ing Banyu Karya Suparto Brata (Suatu Tinjauan Struktural Robert Stanton)


Oleh :
Cyrilius Angga Mundisari - C0104004 - Fak. Sastra dan Seni Rupa

Karya sastra Jawa minangka seni mbotên cêkap namung dipun raosakên kaéndahanipun kémawon. Nanging ugi perlu pikantuk kawigatèn ilmiah, inggih punika nglangkungi satunggaling kajian ilmiah anggadhahi tujuan ngangkat sadaya aspek wontên ing salêbêtipun, kanthi cara-cara pola pikiran ilmiah ingkang lumampah, déné salah satunggalipun inggih punika anggitanipun Suparto Brata kathi irah-irahan Dom Sumurup Ing Banyu. Pêrkawis ingkang dipunkaji kapérang dados kalih, inggih punika: (1) kadospundi analisis Struktural miturut teori Robert Stanton, (2) kadospundi Nilai Estetika lan Makna Novel Dom Sumurup Ing Banyu. Tujuanipun saking panalitèn punika (1) ngandharakên sêsambungan unsur-unsur pambangun novel Dom Sumurup Ing Banyu ingkang kapérang dados fakta cerita kaliyan sarana sastra. Fakta cerita kapérang saking alur, karakter, latar saha tema. Sarana sastra kaperang saking judul, sudut pandhang saha gaya kaliyan tone. (2) ngandharakên nilai-nilai estetika saha makna novel Dom Sumurup Ing Banyu. Metode ingkang dipun-gunakakên wontên ing panalitèn inggih punika metode deskriptif kualitatif. Pendekatan ingkang dipun-gunakakên wontên panalitén inggih punika pendekatan struktural miturut teori Robert Stanton. Obyek panalitèn inggih punika unsur-unsur struktural ingkang dumados saking fakta cerita ( alur, karakter, latar, saha tema ), saha sarana sastra ( judul, sudut pandhang, saha gaya kaliyan tone ). Sumbêr data ingkang dipun-gunakakên wontên ing panalitèn inggih punika novel Dom Sumurup Ing Banyu anggitanipun Suparto Brata penerbit NARASI Yogyakarta, taun 2006, ingkang kandêlipun 238 kaca. Teknik pangêmpalan data ingkang dipun-gunakakên inggih punika teknik pustaka. Data ingkang sampun dipunkêmpalakên lajêng dipun olah dados sawêtawis tahap, inggih punika tahap deskripsi, tahap klasifikasi, kaliyan tahap evaluasi data. Teknik penarikan simpulan dipun-gunakakên teknik penarikan induktif. Manfaat ingkang sagêd kapundhut saking panalitèn punika, panaliti sagêd mangêrtèni padêtipun unsur-unsur ingkang mbangun novel Dom Sumurup ing banyu ingkang dipunandharakên tokoh utama utawi bawahan. Asil analisis panalitèn punika sagêd disimpulakên, 1) unsur-unsur intrisik utawi struktur novel Dom Sumurup ing Banyu anggitanipun Suparto Brata sêsambungan ingkang njalari dumadosipun kebulatan utawi totalitas. 2) Novel Dom Sumurup ing Banyu anggadhahi nilai estetik ingkang katingal saking segi padêtipun unsur struktural saha suraos ingkang paring pancêrahan kanggé sikap patriotisme wontên ing panggêsangan sabên dhintên.