Abstrak


Tindak Tutur Ilokusioner Pada Lirik Lagu Langgam & Keroncong Berbahasa Jawa Karya Andjar Any (Suatu Kajian Pragmatik)


Oleh :
Dewi Ayu Wulandari - C0110013 - Fak. Sastra dan Seni Rupa

Prêkawis ingkang dipunrêmbag wontên panalitèn punika: (1) tindak tutur ilokusi punapa kemawon ingkang wontên ing cakêpan têmbang langgam lan kêroncong basa Jawi anggitanipun Andjar Any?; (2) kados pundi implikatur wontên ing cakêpan têmbang langgam lan kêroncong basa Jawi anggitanipun Andjar Any?. Ingkang dados ancasing panalitèn punika: (1) ngandharakên jinis-jinis tindak tutur ilokusi ingkang wontên ing cakêpan têmbang langgam lan kêroncong basa Jawi anggitanipun Andjar Any; (2) ngandharakên implikatur wontên ing cakêpan têmbang langgam lan kêroncong basa Jawi anggitanipun Andjar Any.
Panalitèn punika asipat deskriptif kualitatif. Sumber data panalitèn punika saking buku ingkang irah-irahan Kumpulan Lagu Keroncong & Langgam Jawa Andjar Any ingkang awujud data tulis ngangge basa Jawi ingkang ngandhut tindak tutur ilokusi lan implikatur. Populasi panalitèn punika sadaya cakêpan têmbang langgam lan kêroncong Jawi wontên ing buku kang irah-irahan kêmpalan têmbang kêroncong lan langgam Jawa anggitanipun Andjar Any. Cara anggènipun mêndhêt tuladha kanthi purposive sampling. Cara pangêmpaling data salêbêting panalitèn punika migunakakên cara nyêmak lan cara nyathêt. Analisis data migunakakên metode agih mawi teknik dhasar BUL (Bagi Unsur Langsung). Metode agih mawi teknik dhasar BUL dipun-ginakakên kangge nganalisis penanda lingual wontên ing data panalitèn. Dene anggènipun nganalisis tindak tutur ilokusi lan implikatur dipun-ginakakên metode kontekstual ugi metode padan mawi teknik dhasaripun ngginakakên teknik PUP (Pilah Unsur Penentu) lan teknik lajênganipun teknik HB (Hubung Banding). Metode penyajian asiling panalitèn ngginakakên metode formal saha informal.
Adhêdhasar analisis data sagêd dipunpêndhêt dudutanipun, inggih punika: (1) jinis-jinis tindak tutur ilokusi wontên ing cakêpan têmbang langgam lan kêroncong basa Jawi anggitanipun Andjar Any inggih punika (a) tindak tutur asertif, kalihan jinis tindak tutur asertif nyaosi katrangan, panduga, nêgêsakên, sambat, nuduhakên, nyêbatakên, lan maringi panggalih, (b) tindak tutur direktif, kalihan subjinis tindak tutur direktif ngawisi, ngawisi-maringi pitêdah, maringi dhawuh, maringi dhawuh-maringi pitêdah, lan maringi pitêdah, (c) tindak tutur ekspresif, kalihan subjinis tindak tutur ekspresif bingung, gêmês, mangkêl, sêdhih, bungah, lan botên rêmên, (d) tindak tutur komisif namung wontên setunggal subjinis inggih punika tindak tutur komisif prajanji; (2) implikatur wontên ing cakêpan têmbang langgam lan kêroncong basa Jawi anggitanipun Andjar Any inggih punika (a) implikatur eksistensi diri, (b) implikatur fenomena sosial, (c) implikatur panyaruwe kangge pamaréntah, (d) implikatur nyaosi pitêdah adhêdhasar falsafah Jawi, (e) implikatur religius, (f) implikatur pasêdhèrèkan, lan (g) implikatur sosialita katresnan.
Tembung wos : cakêpan tembang; langgam lan kêroncong; basa Jawa; pragmatik.