Abstrak


Serat Pemutan Tetesipun Bandara Raden Ajeng Siti Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani) (Suatu Tinjauan Filologis)


Oleh :
Wening Pawestri - C0111034 - Fak. Sastra dan Seni Rupa

SARI PATHI
Prêkawis ingkang dipunrêmbag wontên panalitèn punika (1) kados
pundi suntingan teks Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti
Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani) ingkang rêsik saking kalêpatan
(2) kados punapa upacara têtêsan ingkang kawrat wontên ing teks Sêrat
Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati
(Kusumawardhani)?
Ingkang dados ancasipun panalitèn inggih mênika (1) angandharakên
suntingan teks Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul
Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani) ingkang rêsik saking kalêpatan (2)
angandharakên upacara têtêsan wontên ing teks Sêrat Pemutan Têtêsipun
Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani).
Wujud panalitènipun inggih punika panalitèn filologi ingkang
sipatipun deskriptif kualitatif. Jinis panalitènipun inggih punika panalitèn
pustaka. Data panalitènipun inggih punika Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara
Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani) ingkang
wujudipun têmbang macapat mawi aksara Jawa carik wontên 46 kaca.
Teknik analisis data kanthi deskripsi naskah, kritik teks, suntingan
teks, dipunsarêngi aparat kritik lan terjemahan. Metode edisi kritis utawi
metode standar dipunginakakên ing penyuntingan naskah Sêrat Pemutan
Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati
(Kusumawardhani). Salajêngipun isi Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn
Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani) dipuntêliti. Kajian isi
punika kangge angandharakên upacara têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti
Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani).
Dudutan panalitèn inggih mênika (1) Sêrat Pemutan Têtêsipun
Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani)
kagunganipun Perpustakaan Reksa Pustaka Pura Mangkunagaran Surakarta
kanthi angka katalog H 43 kasêbut naskah tunggal. Ing salêbêtipun pinanggih
varian-varian ing antawisipun lakuna, adisi, hiperkorek, lan korup.
Sasampunipun dipuntêliti kanthi cara kerja filologi kawiwitan saking
deskripsi naskah, kritik teks, aparat kritik, transliterasi, pramila suntingan teks
Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati
(Kusumawardhani) wontên ing panalitèn punika dipuntetepaken minangka
teks ingkang rêsik saking kalêpatan saha sagêd dipuntanggêljawabakên kanthi
ilmiah. (2) Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril
Ngasarati (Kusumawardhani) punika jinis sêrat sastra sejarah. Ing salêbêtipun
kakandhut Pemutan têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril
Ngasarati Kusumawardhani. Kandhutanipun dipilah dados kalih pèrangan,
sapisan prosesi upacara têtêsan kadosta sêlametan, siraman, midodarèni,
upacara gres utawi inti têtêsan, lan resepsi saha kaping kalih inggih mênika
piwulang moral.
Kata kunci: Filologi, Sejarah, Têtêsan, Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul
ABSTRACT
Problem statements in this research are (1) how does the editing of
Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati
(Kusumawardhani) which is no mistakes? (2) how does the têtêsan ceremony
in the Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril
Ngasarati (Kusumawardhani)?
The purposes of this research are (1) to present the editing version of
Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati
(Kusumawardhani) which is close to the original version. (2) to describe
têtêsan ceremony in the Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti
Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani).
The form of this research is philological research that has sort of
descriptive qualitative. A kind of this research is library research. The data in
this research are Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul
Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani) formed têmbang macapat and typed in
Jawa Carik and consist of 46 pages.
Engineering analysis of data, through the description of a manuscript
criticism of text, edits a text accompanied with an apparatus criticism and
translation. The method or methods of the standard critical edition
(commonly) used in the method editor Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara
Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani). Then proceed
with the analysis of the content. Studies to têtêsan ceremony in the Sêrat
Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati
(Kusumawardhani).
The conclusions of this research are (1) Sêrat Pemutan Têtêsipun
Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani) from
Library of Reksa Pustaka Pura Mangkunagaran Surakarta collection catalog
number H 43 is a single script. In Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn
Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani) there are many
variants like lacuna, adisi, hipercorrect, and corrupt. After by philology
procedure, starts from manuscripts description, text criticism, criticism
apparatus, until transliteration, so editing of text Sêrat Pemutan Têtêsipun
Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani) in
this research were no mistakes and can be scientific responsibilty. (2) Sêrat
Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati
(Kusumawardhani) is kind of history literature script. In there consist of the
drop ceremony’s notes of Sêrat Pemutan Têtêsipun Bandara Radèn Ajêng Siti
Nurul Kamaril Ngasarati (Kusumawardhani). The content of manuscript
divided into two, the first is têtêsan ceremony includes selamatan, siraman,
midodarèni night, gres ceremony or main têtêsan ceremony, and party, second
is moralize.
Keyword: Philology, History, Têtêsan, Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul