;

Abstrak


Makna simbolis tradisi upacara pemberian nama orang jawa sebagai sumber nilai pendidikan karakter berbasis kearifan lokal Jawa pada masyarakat nelayan di kabupaten Cilacap (sebuah tinjauan semiotika)


Oleh :
Anastasia Nindya Wisnuri - S441308002 - Sekolah Pascasarjana

Makna simbolis saha pêndhidhikan karakter kathah ngandhut wontên ing sajroning upacara adhat Jawi. Panalitén punika nggadhahi ancas kanggè ndhiskripsèkakên saha nêrangakên makna simbolis, nilai  pêndhidhikan karakter, saha relevansinipun nilai pêndhidhikan karakter wontên saklêbêtipun upacara
adhat paring nama tiyang Jawi ing dhusun Ujungmanik kêcamatan Kawungantên kabupatén Cilacap ugi relevansinipun kaliyan pasinaon basa Jawi.  
Panalitén punika minangka panalitén deskriptif kualitatif, kanthi migunakakên metode observasi langsung saha teknik content analysis (analisis kandhutan isi) minangka teknik nglêmpakakên dhata.Sumber dhata wontên ing
panalitén punika inggih punika prastawa upacara adhat saha informan ugi dokumentasi foto utawi video saklêbêtipun upacara adhat.Dènè dhata ingkang dipunginakakên inggih punika kadadosan langsung saha dokumentasi ugi rekaman asil wawanrêmbag saking para informan. Analisis dhata dipuntindakakên kanthi migunakakên teknik analysis interaktif, kajawi validitas dhata dipuntindakakên kanthi migunakakên triangulasi dhata.
Asil panalitén nêdahakên bilih simbol ingkang wontên saklêbêting upacara adhat paring nama tiyang Jawi ing dhusun Ujungmanik kapérang dados tiga  babagan inggih punika simbol barang, simbol verbal, saha simbol tindak tanduk.
Dènè nilai pêndhidhikan karakter wontên sêdasa, inggih punika : 1) religius, 2) mêmitran / komunikatif saklêbêtipun karukunan, 3) ngaosi prestasi wontên saklêbêtipun pakurmatan, 4) nyambut damêl sêsarêngan kanthi kaluwargan, 5) nggatosakên kanthi raos sosial wontên saklêbêtipun raos pangêrtosan, 6) trêsna
dhatêng nêgari wontên saklêbêting nglêluri budaya Jawi, 7) dhisiplin wontên saklêbêting pêpêsthén tiyang Jawi, 8) trêsna katêntrêman ing saklêbêting unggahungguh, 9) tanggêl jawab ing saklêbêting raos wêlas asih, saha 10) mangêrtosi kawontênan ing saklêbêting raos tanpa pamrih. Panalitén punika ugi sagêd nyimpulakên bilih têgês simbolis saha nilai pêndhidhikan karakter saklêbêting upacara adhat paring nama tiyang Jawi ing dhusun Ujungmanik jumbuh kaliyan pasinaon basa Jawi wontên ing tingkat SMP utawi SMA / SMK