Abstrak


Peningkatan minat dan keterampilan membaca indah tembang macapat melalui metode kooperatif tipe talking stick dengan media audio visual pada siswa kelas X.10 SMA negeri Kebakkramat Karanganyar


Oleh :
Prima Veronika - K4211040 - Fak. KIP

Ancasipun panaliten menika kangge ningkataken: (1) minat maos endah;
lan (2) ketrampilan maos endah sekar macapat ngginakaken metode kooperatif
talking stick kanthi medhia audio visual wonten siswa kelas X.10 SMA Negeri
Kebakkramat.
Panaliten menika awujud panaliten tindakan kelas (PTK) ingkang
dipunlampahi dumugi kalih siklus kanthi saben siklus menika kadadosan saking
parencanaan tindakan, pelaksanaan tindakan, observasi lan evaluasi, sarta analisis
lan refleksi. Subjek panaliten inggih menika siswa kelas X.10 SMA Negeri
Kebakkramat taun ajaran 2014/ 2015 ingkang cacahe 35 siswa. Sumber dhata
arupi panggenan lan proses piwucalan, informan, dokumen sarta catatan lapangan.
Teknik ngempalaken dhata ngginakaken observasi, wawanrembug, tes, angket lan
analisis dokumen. Validitas dhata menika ngginakaken triangulasi dhata lan
triangulasi metode. Analisis dhata menika ngginakaken teknik deskriptif
komparatif lan analisis kritis.
Kasilipun panaliten menika nuduhaken menawi pangginaan metode
kooperatif talking stick kanthi medhia audio visual saged ningkataken minat lan
ketrampilan maos endah sekar macapat siswa saking siklus I ngantos siklus II.
Kahanan kasebut saged dipuntingali saking persentase: (1) minat siswa ngalami
paningkatan saking siklus I ngantos siklus II. Kahanan menika saged dipuntingali
saking kasilipun pangitungan angket minat maos endah sekar macapat
pratindakan kanthi pikolehan biji rata-rata 51,40 kanthi kategori C lan kalebet
kriteria sedang ingkang salajengipun minggah dados 70,43 kanthi kategori B lan
kalebet kriteria inggil nalika wonten pangitungan angket minat pasca tindakan; (2)
ketrampilan maos endah sekar macapat siswa ngalami paningkatan saking siklus I
dumugi siklus II. Kahanan menika saged dipuntingali saking ketuntasan siswa
ingkang ngantos 60% nalika wonten kagiyatan pratindakan ingkang salajengipun
ngalami paningkatan dados 74,29% nalika siklus I sarta ngalami paningkatan
malih wonten siklus II dados 91,43%; (3) biji rata-rata siswa menika ugi ngalami
paningkatan saking pratindakan ngantos siklus II. Kahanan kasebut saged
dipuntingali saking biji rata-rata pratindakan ingkang namung 68,23, ingkang
salajengipun ngalami paningkatan dados 74,89 nalika siklus I lan ngalami
paningkatan malih dados 82,83 wonten siklus II.  
Dudutan panaliten inggih menika pangginaan metode kooperatif talking
stick kanthi medhia audio visual saged ningkataken minat lan ketrampilan maos
endah sekar macapat siswa kelas X.10 SMA Negeri Kebakkramat.