Abstrak


Struktur dramatik dan nilai pendidikan wayang santri karya ki enthus susmono serta relevansinya sebagai bahan ajar bahasa jawa di sekolah menengah pertama


Oleh :
Rizki Safuroh - K4211045 - Fak. KIP

Ancasipun panaliten inggih menika kangge ngandharaken: (1) struktur dramatikringgit santri dening Ki Enthus Susmono; (2) nilai-nilai pendidikan wonten salebetipun ringgit santri dening Ki Enthus Susmono; (3) ujud bahan ajar saking cariyos ringgit santri dening Ki Enthus Susmono; (4) relevansiringgit santri minangka bahan ajar Basa Jawi wonten SMP.
Panaliten menika migunakaken metode deskriptif kualitatif. Sumber data ingkang dipun-ginakaken inggih menika rekamanringgit santri dening Ki Enthus Susmono kanthi lakon Anjala Anjali, Lupit Ngaji, lan Lupit Seneng Tetulung awujud video ingkang diundhuh saking youtube lan informan, inggih menika dhalang ringgit santri, dhosen ahli bidhang piwucalan sastra ingkang cacahipun kalih, guru Basa Jawi SMP ingkang cacahipun tiga, saha siswa SMP ingkang cacahipun tiga. Teknik pangempalan data migunakaken teknik simak catat lan wawancara. Validitas ingkang dipun-ginakaken inggih menika triangulasi teori lan sumber. Teknik analisis dhata migunakaken analisis interaktif kanthi tigang komponen, inggih menika redhuksi dhata, andharan dhata, sahadhudhutan. Prosedur panaliten inggih menika prapanaliten, panaliten, lan panyusunan laporan panaliten.
Asil panaliten ngandharaken: (1) cariyos ringgit santri migunakaken alur ingkang gampil dipunmangertosi, inggih menika migunakaken alur linear. Watakipun paraga dipunjlentrehaken kanthi dhialog lan tumindak para paraga. Setting papan ingkang dipun-ginakaken inggih menika wonten pesantren lan wana. Ringgit santri anggadhahi undheran ingkang jumbuh kaliyan masarakat.Piwulang salebetipunringgit santri inggih menika lare kedah manut kaliyan tiyang sepuh, guru, saha tiyang sanes babagan prakara ingkang becik; (2) nilai pendidikanringgit santri: (a) nilaireligi ngrembag babagan tumindak sareh lan ikhlas nalika tumindak napa kemawon; (b) nilai moral ngrembag babagan sipat amanah, kerja keras, tansah mbela perkara ingkang becik lan nyegah tumindak ala; (c) nilai sosial ngrembag sipat seneng tetulung dhumateng sedaya manungsa; (3)bahan ajar awujud dhialog kados naskah kethoprak, migunakaken Basa Jawi Krama lan Ngoko. Peranganipun bahan ajar inggih menika dhialog paraga, gambar ringgit santri, andharan nilai pendidikan, kamus cilik, saha latian soal; (4) ringgit santri dening Ki Enthus Susmono saged narik kawigatosanipun siswa. Saksampunipun dipun-analisis migunakaken teori lan dipunsinthesis sumber dhata saking informan, saged dipunpendhet dhudhutan menawi ringgit santri saged dipun-ginakaken minangka bahan ajar Basa Jawi SMP amargi jumbuh kaliyan kriteria bahan ajar ingkang becik saha ngandhut nilai pendidikan.
Kata kunci: struktur dramatik, nilai pendidikan, bahan ajar, ringgit santri.