Abstrak


Tradisi Larung Sukerta di Dusun Sruni Kelurahan Jaraksari Kabupaten Wonosobo Propinsi Jawa Tengah (Sebuah Tinjauan Folklor)


Oleh :
Faris Abdurrahman Fathoni - C0114021 - Fak. Ilmu Budaya

ABSTRAK

Perkawis ingkang dipunrembag wontening panaliten inggih menika (1) Kadospundhi asal usulipun Tradhisi Larung Sukerta ing Dusun Sruni, Kelurahan Jaraksari, Kabupaten Wonosobo (2) Kadospundhi Tradhisi Larung Sukerta ing Dusun Sruni, Kelurahan Jaraksari, Kabupaten Wonosobo (3) kadospundhi nilai ingkang kaemot wontening Tradhisi Larung Sukerta ing Dusun Sruni, Kelurahan Jaraksari, Kabupaten Wonosobo (4) kadospundhi pengaruhipun tradhisi Larung Sukerta dumateng masyarakat ing Dusun Sruni, Kelurahan Jaraksari, Kabupaten Wonosobo.
Ancasing panaliten inggih punika (1) ngandharaken asal usulipun Tradhisi Larung Sukerta ing Dusun Sruni, Kelurahan Jaraksari, Kabupaten Wonosobo ingkang didhasaraken carios rakyat ing masyarakat Dusun Sruni (2) ngandharaken maknanipun Uba rampe ingkang dipunginakaken wonten salebetipun upacara Tradhisi Larung Sukerta ing Dusun Sruni, Kelurahan Jaraksari, Kabupaten Wonosobo (3) ngandharaken nilai ingkang kaemot wontenipun Tradhisi Larung Sukerta ing Dusun Sruni, Kelurahan Jaraksari, Kabupaten Wonosobo (4) ngandharaken pengaruhipun tradhisi Larung Sukerta dumateng masyarakat ing Dusun Sruni, Kelurahan Jaraksari, Kabupaten Wonosobo.
Paedahipun panaliten inggih menika saged anambahi wawasan kajian folklor kangge parkembangan kasusastran lan saged dados sumber ngelmu kangge panaliten saklajengipun.
Panaliten menika asipat deskriptif kualitatif. Sumber dhata lan dhata arupi informan, panggenan, peristiwa, lan dokumen. Teknik pangempaling dhata ngginakaken teknik analisi dhata model interaktif.
Asiling panaliten inggih menika (1) Upacara Tradhisi Larung Sukerta ing Dusun Sruni, Kelurahan Jaraksari, Kabupaten Wonosobo anggadhahi asal usul sujarah tradhisi Larung Sukerta saking masyarakat (2) Tradhisi Larung Sukerta ing Dusun Sruni, Kelurahan Jaraksari, Kabupaten Wonosobo anggadhahi makna simbolik wonten salebetipun Uba rampe (3) nilai-nilai ingkang wonten ing salebetipun Larung Sukerta antawisipun inggih menika (a) nilai religius (b) nilai sosial (c) nilai pelestarian tradhisi (d) nilai kebersamaan (e) nilai spiritual.

Tembung wos: Folklor, Larung Sukerta , Wonosobo.