Abstrak


Analisis Kesalahan Berbahasa Pada Teks Pidhato Berbahasa Jawa Siswa Kelas IX SMP Negeri 1 Kalijambe


Oleh :
Lia Afni Kusuma - K4213046 - Fak. KIP

Ancasing panaliten inggih punika: (1) kangge ngandharaken wujud kalepatan basa wonten ing teks pidhato basa Jawa siswa kelas IX SMP Negeri 1 Kalijambe, (2) kangge ngandharaken kalepatan ingkang asring medal wonten ing teks pidhato basa Jawa siswa kelas IX SMP Negeri 1 Kalijambe (3) kangge ngandharaken faktor ingkang anjalari kalepatan basa wonten ing teks pidhato basa Jawa siswa kelas IX SMP Negeri 1 Kalijambe. Panaliten punika awujud panaliten kualitatif deskriptif kanthi sampel panaliten awujud teks pidhato basa Jawa karangan siswa kelas IX G SMP Negeri 1 Kalijambe. Data wonten panaliten punika awujud teks asil karangan siswa.

Data lan sumber data ingkang dipun-ginakaken inggih punika dokumen ingkang awujud teks pidhato basa Jawa karangan siswa lan informan inggih punika dwija basa Jawa, siswa kelas IX, lan ahli basa Jawa. Teknik sampling ingkang dipunginakaken inggih punika purposive sampling. Teknik pangempalan data ingkang dipun-ginakaken inggih punika content analysis ingkang asalipun saking analisis dokumen lan wawanrembag. Teknik analisis data ingkang dipun-ginakaken inggih punika model analisis jalinan ingkang awujud pangempalan data, reduksi data, nyawisaken data, lan mendhet dudutan. Uji validitas data ngginakaken triangulasi data, triangulasi teori, lan review informan. Prosedur panaliten punika dilaksanakaken kanthi tahap wiwitan, tahap pelaksanaan, lan tahap nyusun laporan.

Dudutan saking panaliten punika: (1) wujud kalepatan basa wonten ing teks pidhato basa Jawa siswa kelas IX SMP Negeri 1 Kalijambe, inggih punika: (a) kalepatan ing bidang ejaan wonten 325 (65,64%); (b) kalepatan ing bidang diksi wonten 135 (27,27%); (c) kalepatan ing bidang kalimat wonten 55 (11,11%); (2) kalepatan basa ingkang dominan wonten ing teks pidhato basa Jawa siswa kelas IX SMP Negeri 1 Kalijambe inggih punika wonten ing bidang ejaan wonten 325 (65,64%); (3) faktor ingkang anjalari kalepatan basa wonten ing teks pidhato basa Jawa siswa kelas IX SMP Negeri 1 Kalijambe, inggih punika: (a) faktor internal inggih punika; kirangipun minat siswa, kirangipun panguwaosan kaidah basa, lan kirangipun gladhen; lan (b) faktor eksternal inggih punika; lingkungan, guru, pasinaon, lan aribawa basa ibu.

Tembung wos: analisis basa, kalepatan basa, lan teks pidhato basa Jawa.