Abstrak


Peningkatan Keterampilan Menulis Crita Cekak Melalui Metode Pembelajaran Examples Non-Examples Dengan Media Gambar Berseri Pada Siswa Kelas X IPS 4 SMA Negeri 1 Sukoharjo Tahun Ajaran 2016/2017


Oleh :
Ari Fitri Fauziyyah - K4213015 - Fak. KIP

Panaliten tindakan kelas punika anggadhahi ancas inggih punika ngupayakaken indhaking keaktifan siswa lan kaprigelan nyerat crita cekak kanthi ngginakaken metodhe examples non-examples lan medhia gambar berseri tumrap siswa kelas X IPS 4 SMA Negeri 1 Sukoharjo.
Panaliten  punika  dipunlampahaken  kanthi  kalih  siklus,  ingkang  saben
siklus  wonten  rancangan,  tindhakan,  observasi,  lan  refleksi.  Sumber  dhata ingkang dipunginakaken inggih punika prastawa, dokumen, lan informan. Teknik ngempalaken dhata ingkang dipunginakaken inggih punika observasi, analisis dokumen, wawanrembag lan maringi tugas/tes. Teknik uji validitas dhata ngginakaken teknik triangulasi metodhe lan triangulasi sumber dhata. Teknik analisis dhata ngginakaken deskriptif komparatif lan analisis kritis.
Saking panaliten punika saged dipunmangertosi bilih wonten ing siklus I
keaktifan siswa inggih punika 65.52%, lajeng wonten ing siklus II asilipun dados
93.10%. Kaprigelan nyerat crita cekak wonten ing pratindakan saged dipunmangertosi  bilih  siswa  ingkang  tuntas  27.58%  lan  siswa  ingkang  boten tuntas 72.42%. Lajeng, sesampunipun dipunlampahi siklus I, siswa ingkang tuntas
62.06%  lan  siswa  ingkang  boten  tuntas  37.94%.  Wonten  ing  siklus  II  siswa ingkang tuntas 89.65% lan taksih 10.35% ingkang dereng tuntas.
Adhedasar  asiling  panaliten  punika  saged  dipunpendhet  dudutan  bilih
metodhe pasinaon examples non-examples lan medhia gambar berseri saged ngindhakaken keaktifan siswa lan kaprigelan nyerat crita cekak tumrap siswa kelas X IPS 4 SMA Negeri 1 Sukoharjo.