Abstrak


Penerapan Model Pembelajaran Make a Match dengan Media Gambar Sebagai upaya Meningkatkan Keaktifan Belajar dan Keterampilan Menulis Beraksara Jawa pada Siswa Kelas VII SMP Negeri 3 Mojosongo Boyolali


Oleh :
Arima Pratiwi - K4215011 - Fak. KIP

Abstrak

Miturut data saking lapangan, kaprigelan nyerat aksara Jawa tumrap siswa kelas VII SMP Negeri 3 Mojosongo Boyolali taksih rendah. Perkara ingkang njalari kaprigelan nyerat aksara Jawa rendah amargi wonten pinten-pinten faktor inggih menika siswa dereng saged ngapalne aksara Jawa, siswa dereng berperan aktif wonten ing pasinaon nyerat aksara Jawa, lan metode pasinaon ingkang dipun-ginakaken guru dereng efektif. Ancasipun panaliten inggih menika kangge mindhakaken (1) keaktifan pasinaon siswa kanthi ngetrepaken model pasinaonan make a match kaliyan media gambar dhateng siswa kelas VII D SMP Negeri 3 Mojosongo Boyolali, lan (2) kaprigelan nyerat aksara Jawa kanthi ngetrepaken model pasinaon make a match kaliyan media gambar dhateng siswa kelas VII D SMP Negeri 3 Mojosongo Boyolali.
Panaliten menika mujudaken Penelitian Tindakan Kelas (PTK). Panaliten menika kalampahaken ing kalih siklus. Saben siklus ngemot sekawan tahapan inggih menika perencanaan, pelaksanaan tindakan, observasi, lan refleksi. Subjek panaliten menika siswa kelas VII D SMP Negeri 3 Mojosongo Boyolali ingkang gunggungipun 32 siswa. Data ingkang dipun-ginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika data kuantitatif arupa pamindhakan keaktifan uga asil sinau siswa lan data kualitatif arupa deskripsi aktivitas wonten ing proses pasinaon. Sumber data wonten ing panaliten menika inggih menika peristiwa, informan, lan dokumen.  Teknik pangempalan data ing panaliten menika kanthi observasi, wawancara, dokumentasi, lan tes. Teknik uji validitas data inggih menika ngginakaken triangulasi sumber data lan triangulasi metode. Teknik analisis data wonten ing panaliten menika ngginakaken teknik analisis kritis lan teknik deskriptif komparatif.
Asil panaliten menika nedahaken bilih model pasinaon make a match kanthi media gambar saged mindhakaken proses pasinaon lan asil nyerat aksara Jawa. Saged katingal saking: (1) keaktifan siswa wonten ing pasinaon nyerat aksara Jawa tumrap siswa saged mindhak saking pratindakan inggih menika 28,1%, mindhak wonten ing siklus I  dados 56,3%, lan 78,1% wonten ing siklus II. (2) kaprigelan nyerat aksara Jawa wonten ing pratindakan, persentase ketuntasan inggih menika 15,6%, wonten ing siklus I  persentase ketuntasan mindhak dados 65,6%, lan wonten ing siklus II mindhak malih dados 81,2%.

Tembung Wos : keaktifan sinau, model pasinaon make a match, media gambar,  kaprigelan nyerat paragraf aksara Jawa