Abstrak


Striving For Superiority Tokoh Mahanani Pamalarsih dalam Naskah Monolog Cariyosipun Sindhen Mahanani Pamalarsih Karya Trisno Santoso (Tinjauan Psikologi Sastra)


Oleh :
Ratih Ari Satitik - B0116050 - Fak. Ilmu Budaya

Abstrak

Pêrkawis ingkang dipunrêmbag ing panalitèn inggih punika: (1) Kadospundi  struktur cariyos  monolog Cariyosipun Sindhen Mahanani Pamalarsih anggitanipun Trisno Santoso   miturut  teori  Soediro  Satoto ;  (2) Kadospundi bentuk-bentuk striving for superiority tokoh miturut teori striving for superiority Alfred Adler;  (3)  Kadospundi  makna  saha  nilai  perjuangan  tokoh Mahanani  Pamlarsih. Panalitèn  punika pendekatan  struktural,  lan  salajêngipun angginakakên pendekatan  psikologi  sastra  kanggè  ngandharakên tinjauan lajengipun.
Ancasipun panalitèn inggih punika: (1) Ngandharakên unsur-unsur struktural ingkang ambangun naskah naskah monolog Cariyosipun Sindhen Mahanani  Pamalarsih  anggitanipun  Trisno  Santoso   miturut   teori   Soediro Satoto ;  (2)  Ngandharakên bentuk-bentuk striving for superiority tokoh miturut teori striving for superiority Alfred Adler;   (3)   Ngandharakên   makna   saha nilai   perjuangan   ingkang dipunlampahi  Mahanani Pamalarsih.  Mupangat panalitèn  punika  sagêd nambah ngelmu kanthi model panaliten kasusastran.
Teori ingkang kaginakaken ing   panalitèn, inggih   punika:   pangertosan drama,    struktur  drama  miturut  Soediro  Satoto,  antawisipun  tema,  amanat, alur,   penokohan,    konflik, cakapan. Teori  psikologi  sastra migunakaken  teori striving for superiority Alfred Adler.
Wujud panalitèn inggih punika panalitèn sastra, jinising panaliten deskriptif kualitatif. Sumber data  naskah monolog Cariyosipun Sindhen Mahanani Pamalarsih anggitanipun Trisno Santoso. Data panalitèn inggih punika teks   naskah monolog Cariyosipun Sindhen Mahanani Pamalarsih. Panaliti salajengipun ngonceki isining teks naskah kasebat, lan ndhudhah struktur teks ingkang anglimputi:  unsur nglebet teks (intrinsik) ing antawisipun: tema, amanat, penokohan, alur, setting, konflik, cakapan lan wawancara kaliyan pengarang. Teknik ngempalaken data kanthi cara content analysis lan wawancara. Teknik analisis  data  migunakaken model analisis interaktif, ing antawisipun: reduksi data, penyajian data lan mendhet simpulan.
Dudutan  panalitèn  inggih  punika: (1) struktural naskah  monolog Cariyosipun Sindhen Mahanani Pamalarsih anggitanipun Trisno Santoso nêdahakèn  kamanunggalan    ingkang    wêtah    antawisipun    unsur    satunggal kaliyan  unsur sanèsipun; (2) Miturut tinjauan psikologi sastra naskah monolog Cariyosipun Sindhen Mahanani Pamalarsih ngandharakên bentuk-bentuk striving for superiority tokoh Mahanani Pamalarsih ingkang anggadhahi bentuk-bentuk perjuangan wonten   ing   panggesangan kangge kasuksesan; (3)  Miturut  makna saha nilai,  naskah  monolog Cariyosipun Sindhen Mahanani Pamalarsih anggitanipun  Trisno  Santoso    ngandharakên  perjuangan  kangge  kesuksesan paraga wanita inggih menika Mahanani Pamalarsih.

Tembung Wos : Naskah Monolog Cariyosipun Sindhen Mahanani Pamalarsih, Striving For Superiority, Psikologi Sastra.