Penulis Utama : Bagas Bayu Sadewo
NIM / NIP : K4219010
×

SARIPATHI

 

Bagas Bayu Sadewo. K4219010. “Mundhakake Keaktifan lan Asile Pasinaon Maca Pemahaman Teks Naratif kanthi Huruf Jawa lumantar Metodhe Tutor Sebaya (Peer Tutoring) kanggo Siswa Kelas VIII G SMP Negeri 4 Sragen Taun Piwulangan 2022/ 2023”. Skripsi. Surakarta: Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret, Juli 2023.

Panaliten menika nggadahi ancas kangge mundhakake indhaking: (1) Ngandharake undhak-undhakan keaktifan pamulangan kaprigelan maca pemahaman Aksara Jawa, lan (2) Ngandharake undhak-undhakan asil pasinaon pamulangan kaprigelan maca pemahaman Aksara Jawa lumantar metodhe pamulangan Tutor Sebaya (Peer Tutoring) kanggo siswa kelas VIII G SMP Negeri 4 Sragen taun ajaran 2022/ 2023.

Wujudipun panaliten inggih menika penelitian tindakan kelas (PTK). Subjek panaliten inggih menika para siswa kelas VIII G SMP Negeri 4 Sragen 32 siswa (siswa putri 16 lan siswa kakung 16). Sumber dhata ingkang dipunginakaken: informan, dokumen, lan prastawa. Teknik pangempalan dhata ingkang dipunginakaken inggih menika kanthi tes, observasi, dokumentasi, wawan rembug lan angket. Teknik validitas ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi sumber dhata, triangulasi metodhe, triangulasi teori, lan triangulasi review informan. Dhata lajeng dipunanalisis kanthi migunakaken teknik analisis deskriptif. Panaliten menika kaperang dados siklus I lan siklus II. Saben siklus kaperang dados sekawan tahap, inggih menika: (1) perencanaan, (2) pelaksanaan tindakan, (3) observasi, lan (4) analisis lan refleksi. Saben siklus kalaksanakaken dados 1 - 2 pakempalan ingkang saben siklus wekdalipun 2x40 menit. Wonten ing panaliten menika guru kelas dados fasilitator piwulangan. Indikator panaliten menika inggih 75% siswa saged nyakupi kompetensi ingkang sampun dipuntetepaken wonten ing panaliten proses lan asil pasinaon maca pemahaman teks naratif kanthi huruf Jawa.

Asil panaliten ngginakaken metodhe piwulangan Tutor Sebaya (Peer Tutoring) saged mundhakake keaktifan lan asile pasinaon maca pemahaman teks naratif kanthi huruf Jawa tumrap siswa kelas VIII G SMP Negeri 4 Sragen. Indhaking proses piwulangan menika saged dipunpirsani saking mundake keaktifan siswa tumut kagiyatan piwulangan maca pemahaman teks naratif kanthi huruf Jawa. Keaktifan siswa wonten ing kagiyatan piwulangan maca pemahaman teks naratif kanthi huruf Jawa saking Prasiklus wonten 53,12%, 74,38% wonten ing siklus I lan wonten ing siklus II persentase keaktifan siswa mundak kathah dados 82,50%. Asile pasinaon maca pemahaman teks naratif kanthi huruf Jawa saged dipunpirsani saking kathahipun siswa ingkang pikantuk biji ing ndhuwure KKM (75), inggih menika wonten ing Prasiklus wonten 11 siswa utawi 34,38% saking sedaya siswa (32 siswa). Wonten ing Siklus I siswa ingkang saged angsal biji > 75 wonten 18 siswa utawi 56,25% saking sedaya siswa. Lajeng ing Siklus II wonten 30 siswa utawi 93,75% saking sedaya siswa ingkang saged ngantos KKM.

×
Penulis Utama : Bagas Bayu Sadewo
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : K4219010
Tahun : 2023
Judul : MUNDHAKAKE KEAKTIFAN LAN ASILE PASINAON MACA PEMAHAMAN TEKS NARATIF KANTHI HURUF JAWA LUMANTAR METODHE TUTOR SEBAYA (PEER TUTORING) KANGGO SISWA KELAS VIII G SMP NEGERI 4 SRAGEN TAUN PIWULANGAN 2022/ 2023
Edisi :
Imprint : Surakarta - Fak. KIP - 2023
Program Studi : S-1 Pendidikan Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber :
Kata Kunci : Keaktifan, Asile Pasinaon, metodhe Tutor Sebaya (Peer Tutoring), Teks naratif.
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Dr. Atikah Anindyarini, S.S., M.Hum.
2. Dr. Atikah Anindyarini, S.S., M.Hum.
Penguji : 1. Dr. Astiana Ajeng R, S.Pd., M.Pd.
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. KIP
×
Halaman Awal : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
Halaman Cover : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB I : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB II : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB III : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB IV : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB V : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB Tambahan : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
Daftar Pustaka : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
Lampiran : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.