| Penulis Utama | : | Ratna Trisnawati |
| NIM / NIP | : | K4220070 |
Ancas saka panaliten iki yaiku: 1) ngrembakakake kawigaten siswa marang aksara Jawa ing kelas VII A SMP Negeri 2 Kebakkramat lumantar kertu carakan aksara Jawa, (2) ngrembakakake keprigelan siswa marang materi pasinaon aksara Jawa ing kelas VII A SMP Negeri 2 Kebakkramat.. SMP Negeri 2 Kebakkramat dadi papan panaliten kanthi nggunakake panaliten tindakan kelas kang asipat kualitatif lan kuatitatif. Dhata kuantitatif kang digunakake sajroning panaliten iki yaiku asil wawanrembug marang dwija lan siswa, observasi banjur dhata kualitatif saka panaliten iki yaiku asil pasinaon siswa ing pasinaon basa Jawa babagan materi aksara Jawa ing gladhen sumatif. Tatacara nglumpukake dhata arupa observasi partisipasi pasif kanthi ngamati dwija nalika mulang, wawanrembrug marang dwija kang dadi informan tambahan ngenani ngetrapake penilaian autentik ing pasinaon muatan lokal basa Jawa kelas VII di SMP Negeri 2 Kebakkramat, lan lumantar dhokumentasi arupa tindakan lan asil observasi kayata pideo lan poto. Kagiyatan pasinaon analisis Dhata kuantitatif sajroning panaliten iki lumantar asil nilai modhel Project Based Learning kanthi ketuntasan nilai siswa lan ketuntasan klasikal. Analisis dhata kualitatif diolehake saka gegambaran asil kerja dwija lan tumindhak siswa tumprap modhel Project Based Learning lumantar nglumpukake dhata, Analisis dhata kuantitatif sajroning panaliten iki lumantar reduksi dhata, nyajikake dhata, lan narik dudutan. Ing panaliten iki ngandharake bilih (1) ing siklus I kalebu tataran apik ananging dwija urung bisa nggulawenthah siswa luwih teges lan siswa kurang mangerteni tatacara nulis aksara Jawa kanthi trep, (2) ing siklus II wis nggayuh target yaiku ngentukake kategori apik banget kanthi kaprigelan dwija bisa luwih interaktif marang siswa nalika siswa lagi kangelan, lan siswa luwih bisa mangerteni lan prigel nalika nulis aksara Jawa nggunakake kertu carakan Aksara Jawa.
| Penulis Utama | : | Ratna Trisnawati |
| Penulis Tambahan | : | - |
| NIM / NIP | : | K4220070 |
| Tahun | : | 2024 |
| Judul | : | Panganggone Modhel PjBL lan Kertu Carakan Kanggo Ngundhakake Kaprigelan Nulis Aksara Jawa Kelas VII Siswa SMP |
| Edisi | : | |
| Imprint | : | Surakarta - Fak. KIP - 2024 |
| Program Studi | : | S-1 Pendidikan Sastra Jawa |
| Kolasi | : | |
| Sumber | : | |
| Kata Kunci | : | Project Based Learning, Kertu carakan, Aksara Jawa, Siswa SMP |
| Jenis Dokumen | : | Skripsi |
| ISSN | : | |
| ISBN | : | |
| Link DOI / Jurnal | : | - |
| Status | : | Public |
| Pembimbing | : |
1. Dr. Atikah Anindyarini, S.S., M.Hum. |
| Penguji | : |
1. Dr. Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 2. Dr. Favorita Kurwidaria, S.S, M.Hum 3. Dr. Atikah Anindyarini, S.S., M.Hum. |
| Catatan Umum | : | |
| Fakultas | : | Fak. KIP |
| Halaman Awal | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |
|---|---|---|
| Halaman Cover | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |
| BAB I | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |
| BAB II | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |
| BAB III | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |
| BAB IV | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |
| BAB V | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |
| BAB Tambahan | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |
| Daftar Pustaka | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |
| Lampiran | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |