Penulis Utama : Aldian Tegar Saputra
NIM / NIP : K4221004
×

  • Panaliten iki duweni ancas kanggo ngandharake babagan konsep Memayu Hayuning Bawana lan Kepemimpinan Jawa sajroning Serat Kandha Bumi anggita Ki Padmasusastra lan sabanjure di relevansike minangka bahan ajar pasinaon basa Jawa SMA. Wujud saka panaliten iki yaiku kualitatif deskriptif. Dhata sajroning panaliten iki awujud pethikan saka teks Serat Kandha Bumi lan tafsiran makna sing nuduhake babagan konsep memayu hayuning bawana. Sumber dhata saka panaliten iki yaiku naskah Jawa lan wawanrembag saka informan. Teknik njupuk subjek gunake purposive sampling. Teknik ngesahke dhata gunake triangulasi teori lan metodhe. Sabanjure, tata cara nganalisis dhata gunake teknik njupuk dhata, nyuda dhata, nyajeake dhata, lan jupuk dudutan. Asil saka panaliten iki awujud konsep memayu hayuning bawana babagan sesambungan antarane manungsa karo manungsa 1) rasa tresna welas asih; 2) rasa tepa selira; 3) sikap kurmat mring sesama; 4) ewuh-pekewuh; 5) ngendhaleni emosi; 6) aja dumeh. Sesambungan manungsa karo alam 1) ritual sesuci lan elemen banyu; 2) tetuwuhan sajroning ritual. Sesambungan manungsa karo gusti 1) donga, nrima mring takdir, lan ngakoni kuwasane Gusti; 2) laku utawa usaha. Konsep kepemimpinan Jawa ingkang kamot yaiku 1) ngayomi wasu pitripandhita-resi ingkang ulah puja mesubrata; 2) rumeksa raharjaning praja bumi kelahiran; 3) trisna bangsa welas asih mring kawula dasih; 4) setya ing janji nuhoni sabda ingkang wus kawedhar; 5) tundhuk ing bebener adhedhasar adil. Sarta konsep memayu hayuning bawana lan kepemimpinan Jawa iki bisa digunake kanggo bahan ajar pasinaon basa Jawa SMA kelas XI ing materi Sastra Piwulang.

 

Tembung kunci: Memayu Hayuning Bawana, Kepemimpinan Jawa, Serat Kandha Bumi

×
Penulis Utama : Aldian Tegar Saputra
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : K4221004
Tahun : 2025
Judul : Konsep Memayu Hayuning Bawana lan Kepemimpinan Jawa sajroning Serat Kandha Bumi anggitan Ki Padmasusastra sarta Relevansine minangka Bahan Ajar Pasinaon Basa Jawa SMA
Edisi :
Imprint : Surakarta - Fak. KIP - 2025
Program Studi : S-1 Pendidikan Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber :
Kata Kunci : Memayu Hayuning Bawana, Kepemimpinan Jawa, Serat Kandha Bumi
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Dr. Astiana Ajeng Rahadini, S.Pd., M.Pd
Penguji : 1. Dr. Budi Waluyo, S.S., M.Pd
2. Dr. Drs. Raheni Suhita, M.Hum
3. Dr. Astiana Ajeng Rahadini, S.Pd., M.Pd
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. KIP
×
Halaman Awal : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
Halaman Cover : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB I : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB II : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB III : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB IV : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB V : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
BAB Tambahan : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
Daftar Pustaka : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.
Lampiran : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.