Penulis Utama : Krisna Pebryawan
NIM / NIP : S441008011
× Panaliten punika kanthi irah-irahan “Novel Suparto Brata‟s Omnibus” reriptanipun Suparto Brata (Pendekatan Sosiologi Sastra dan Nilai Pendidikan).” ancasipun kagem nggambaraken kaliyan ngandharaken struktur, aspek sosial budaya, lan nilai-nilai pendidikan ingkang nyakup nilai pendidikan agama, karakter,lan sosial budaya wonten ing novel punika. Wujudipun panaliten inggih punika panaliten deskriptif kualitatif. Sumber data panaliten punika kapilah dados kalih, inggih punika dokumen lan informan. Dokumen inggih punika Suparto Brata‟s Omnibus. Dene informan inggih punika pangripta Suparto Brata‟s Omnibus. Adhedhasar sumber data panaliten, pramila data panalitenipun inggih punika teks Suparto Brata‟s Omnibus ingkang ngemu tema, alur, penokohan, setting, sudut pandang, aspek sosial budaya, lan nilai-nilai pendidikan. Pendekatan ingkang dipunginakaken inggih punika pendekatan struktural lan pendekatan sosiologi sastra. Pendekatan struktural dipunginakaken amargi novel mujudaken karya sastra ingkang salebetipun ngemu unsur-unsur pambangun kados dene tema, alur, penokohan, setting, lan sudut pandang. Pendekatan sosiologi sastra dipunginakaken kagem mbikak wontenipun aspek sosial budaya wonten ing novel Suparto Brata‟s Omnibus. Salajengipun analisis nilai-nilai pendidikan wonten ing novel punika wau. Teknik pengumpulan data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih punika (1) analisis dokumen utawi metode dokumentasi. (2) wawancara, inggih punika wawancara terbuka lan pangripta novel Suparto Brata‟s Omnibus. Asiling panaliten inggih punika: (1) unsur-unsur struktural wonten ing karya sastra ingkang nyakup tema, alur, setting, penokohan, lan sudut pandang mujudkaken struktur pembangun karya sastra ingkang wigati. Wonten sesambetan ingkang jangkep lan terkait ing lebetipun. (2) aspek sosial budaya wonten ing Suparto Brata‟s Omnibus ingkang nyakup adat istiadat, pendidikan, pagaweyan, basa, lan agami nggadahi sesambetan ageng kagem para paraganipun kaliyan mujudkaken potret gesang masyarakat wekdal semanten. (3) wonten nilai-nilai pendidikan ing novel punika ingkang nyakup nilai pendidikan agama, karakter, lan sosial budaya ingkang wigati sanget kagem generasi jaman sakniki. Nilai-nilai pendidikan punika wau dipunmangertosi kanthi pacelathon paraganipun lan lingkungan sosial budayanipun. Têmbung wos : Struktural, aspek sosial budaya, lan nilai-nilai pendidikan.
×
Penulis Utama : Krisna Pebryawan
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : S441008011
Tahun : 2012
Judul : Novel Suparto Brata’s Omnibus Karya Suparto Brata (Pendekatan Sosiologi Sastra Dan Nilai Pendidikan)
Edisi :
Imprint : Surakarta - Pascasarjana - 2012
Program Studi : S-2 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah
Kolasi :
Sumber : UNS-Pascasarjana Prog. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa-S441008011-2012
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Tesis
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Prof. Dr. H. Sumarlam, M.S.
2. Dr. Nugraheni Eko Wardhani, M.Hum.,
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Sekolah Pascasarjana
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.