Penulis Utama : Setiyo Choirudin
NIM / NIP : C0106073
× Dhasaripun panalitèn mênika cêrbung Jawi punika salah satunggaling karya sastra Jawi ingkang ngungkap aspek – aspek kemanusiaan kanthi rinci. Wontên panalitèn mênika panyêrat nliti cêrbung Dalane Isih Pêtêng anggitanipun Sartono Kusumaningrat kanthi tinjauan sosiologi sastra. Panalitèn mênika dipundhasari kawontênan mandhapipun nilai – nilai moral tiyang ênèm sakniki satêmah mugi – mugi sagêd nuwuhake malih nilai – nilai moral ingkang sae, khususipun kangge tiyang ênèm. Pêrkawis ingkang dipun rêmbag inggih mênika : (1) Kadospundi unsur – unsur struktural kados tema; fakta – fakta cêrita ingkang lêbêtipun wontên alur, karakter, latar; sarana – sarana sastra; irah – irahan, sudut pandang, gaya lan tone, simbolisme kalihan ironi ingkang wontên cêrbung DIP anggitanipun Sartono Kusumaningrat? (2) Kadospundi caranipun tokoh utami mênyikapi tiyang enggal wontên cêrbung DIP anggitanipun Sartono Kusumaningrat? (3) Kadospundi pêrkawis – pêrkawis sosial ingkang kadadosan wontên cêrbung DIP anggitanipun Sartono Kusumaningrat kalihan pêrkawis – pêrkawis sosial ingkang wontên masyarakat sakniki. Ancasipun panalitèn mênika : (1) Ngandharakên unsur – unsur struktural kados tema, fakta – fakta cêrita ingkang lêbêtipun alur, karakter, latar, sarana – sarana sastra; irah – irahan, sudut pandang, gaya lan tone, simbolisme kalihan ironi ingkang wontên cêrbung DIP anggitanipun Sartono Kusumaningrat. (2) Ngandharakên caranipun tokoh utami anyikapi tiyang enggal wontên cêrbung DIP anggitanipun Sartono Kusumaningrat. (3) Ngandharakên relevansi pêrkawis – pêrkawis sosial wontên cêrbung DIP kalihan pêrkawis sosial ingkang wontên masyarakat sakniki. Kaginaan saking panalitèn mênika kapilah dados kalih, inggih mênika kaginaan teoritis kanthi pangarêp – arêp sagêd mbiyantu memperkaya kalihan ngginakakên teori – teori sastra ugi ngaplikasiakên, khususipun teori sosiologi sastra. Kaginaan praktis, panalitèn mênika anggadhahi pangarêp – arêp sagêd dipunginakakên para guru kangge nambah materi kesusastraan kalihan pengajaran kangge menyikapi tiyang enggal wontên ing panggêsangan. Panalitèn mênika ugi mugi – mugi sagêd nambah khasanah panalitèn sastra Jawi. Wujudipun panalitèn mênika panalitèn deskriptif kualitatif. Sumber data ingkang kaginakakên kapilah dados kalih, inggih mênika primer kalihan sekunder. Sumber data primer, inggih mênika teks cêrbung basa Jawi DIP anggitanipun Sartono Kusumaningrat ingkang kawêdal tahun 2001. Sumber data sekunder, inggih mênika informan inggih mênika panganggit cêrbung DIP. Data ingkang kaginakakên ugi kapilah dados kalih, data primer inggih mênika struktur teks cêrbung DIP ingkang kabangun saking unsur – unsur instrinsik karya sastra kadosta fakta – fakta cêrita; alur, karaktêr, tema, sarana – sarana sastra; irah - xiv irahan, ironi, sudut pandang, gaya lan tone, simbolism. Data sekunder, inggih mênika asil wawancara kalihan panganggit. Pendekatan ingkang kaginakakên inggih punika struktural kalihan sosiologi sastra. Têknik pangêmpalan data kanthi têknik analisis isi kalihan wawancara. Asiling panalitèn punika: (1) Unsur – unsur struktural ambangun cêrbung ingkang kasusun saking fakta – fakta cêrta; alur, karaktêr, latar, tema sarta sarana- sarana sastra kados irah - irahan, sudut pandang, ironi, gaya kalihan tone, simbolisme sami runtut satunggal kalihan satunggalipun satêmah ndhapuk carita kanthi wutuh. (2) Mangêrtosi dhasaripun penciptaan cêrbung DIP (3) Caranipun tokoh utami menyikapi tiyang enggal ingkang wontên cêrbung DIP anggitanipun Sartono Kusumaningrat. (4) Mangêrtosi relevansi pêrkawis – pêrkawis sosial wontên cêrbung DIP kalihan pêrkawis sosial ingkang kadadosan sakniki.
×
Penulis Utama : Setiyo Choirudin
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : C0106073
Tahun : 2012
Judul : Masalah-Masalah Sosial Dalam Cerbung ”Dalane Isih Peteng” Karya Sartono Kusumaningrat (sebuah Tinjauan Sosiologi Sastra)
Edisi :
Imprint : Surakarta - F.SSR - 2012
Program Studi : S-1 Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS-F. SSR Jur.Sastra Daerah-C0106073-2012
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Drs. Aloysius Indratmo. M.Hum,
2. Siti Muslifah, SS, M.Hum,
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. Sastra dan Seni Rupa
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.