Penulis Utama : Fuad Fauzia Arifin
NIM / NIP : C0105024
× Prêkawis ingkang dipuntêliti wont% dan ing panalitèn punika,antawisipun : (1) Kados pundi wujudipun alih kode,campur kode,saha interferensi wont% dan ing basa jawi ingkang dipunginakakên dêning pengamen ing PGOT Banyudono?,(2)Kados pundi fungsi alih kode,campur kode,saha interferensi ingkang dipun-ginakakèn ing PGOT Banyudono?,(3) Faktor-faktor punapa ingkang njalari alih kode,campur kode,saha interferensi Basa Jawi ingkang dipun-ginakakên dening pengamen ing PGOT Banyudono?. Panalitèn punika ancas pikajênganipun inggih punika : (1) ngandharakên wujud alih kode,campur kode,saha interferensi wont% dan ing Basa Jawi ingkang dipun-ginakakên dening pengamen ing PGOT Banyudono,(2) njlèntrêhakên fungsi alih kode,campur kode,saha interferensi ingkang dipun-ginakakên dening pengamen ing PGOT Banyudono,(3) njlèntrêhakên fakto-faktor ingkang njalari kadadosanipun alih kode,campur kode,saha interferensi ingkang dipun-ginakakên pengamen ing PGOT Banyudono. Panalitèn punika mêndhêt lokasi ing kecamatan Banyudono.Datanipun inggih menika data lesan.Sumber data saking informan ingkang pinilih.Data panalitèn punika awujud gunêman pengamen ing PGOT Banyudono ingkang ginakeken Basa Jawi saha ngandhut alih kode,campur kode,saha interferensi.Metode saha teknik penyediaan data wonten ing panalitèn punika ngginakaken metode sadap.Metode analisis data ngginakakên metode distribusional kanggé ngandharakên wujud alih kode,campur kode,saha interferensi.Panalitèn punika ugi ngginakakên metode padan kanggé ngandharakên faktor-faktor ingkang njalari Bahasa Jawi ingkang dipun-ginakakên pengamen ing PGOT Banyudono. Dudutan ing panalitèn punika wont% dan tiga,ingkang kaping satunggal wujud alih kode wont% dan ing Basa Jawi ingkang dipun-ginakakên déning pengamen ing PGOT Banyudono,alih kode ingkang pinanggih inggih punika alih kode Basa Indonesia wont% dan ing Basa Jawi saha alih kode Basa Jawi wont% dan ing Basa Indonesia,campur kode pinanggih inggih punika campur kode kata, campur kode reduplikasi saha campur kode frasa.Interferensi ingkang pinanggih punika Interferensi morfologi. Interferensi morfologi ingkang kathah wont% dan ing gineman pengamen ing PGOT Banyudono. Ingkang kaping kalih,alih kode anggadahi fungsi mligi,inggih punika : (a) Fungsi alih kode kanggè nyambung guneman mawi basa ingkang sami kaliyan basa ingkang dipun-ginakakên déning mawan ginen,ngewahi fungsi gineman amargi ewahipun topik gineman,saha ngiyataken wosing gin?man,(b) fungsi campur kode kangge nggampilaken anggenipun ngaturak% dan pikajengan gineman,saha nedahaken identitas diri,(c) fungsi Interferensi kangge nggampilakên saha nglancarakên komunikasi.Ingkang kaping tiga,faktor-faktor dipun-ginakaken Basa Jawi dèning pengamen ing PGOT Banyudono amargi kahanan saha kaliyan sintên tiyang punika gin?man.
×
Penulis Utama : Fuad Fauzia Arifin
Penulis Tambahan : 1.
2.
NIM / NIP : C0105024
Tahun : 2013
Judul : Penggunaan Bahasa Jawa Oleh Pengamen Kawasan Kampung Pengamen Pgot Di Banyudono Tahun 2009 (Suatu Kajian Sosiolinguistik)
Edisi :
Imprint : Surakarta - F. SSR - 2013
Program Studi : S-1 Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS-F. SSR Jur. Sastra Daerah-C.0105024-2013
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Dra. Sri Mulyati, M.Hum.,
2. Drs. Sujono, M.Hum
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. Sastra dan Seni Rupa
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.