| Penulis Utama | : | Sri Kustinah |
| NIM / NIP | : | S441102009 |
Acasipun panaliten punika (1) ngrancang pasinaon nyerat aksara jawa kagem siswa SMP Negeri I Tengaran Kabupaten Semarang. (2) ingkang dipuntindaken guru ngrembakakaken isinipun pasinaon nyerat aksara jawa kagem siswa SMP Negeri I Tengaran Kabupaten Semarang. (3) ingkang dipuntindakaken paring piwulang nyerat aksara Jawa siswa SMP Negeri I Tengaran Kabupaten Semarang. (4) pambijinipun asilipun pasinaon nyerat aksara jawa siswa SMP Negeri I Tengaran Kabupaten Semarang. Cara ingkang dipun agem ing panaliten punika cara kualitatif kanthi jenisipun panaliten deskriptif. Dene sumberipun ingkang dipun teliti antawisipun inggipunika: bahan (materi) ingkang wigatos arupi asilipun panaliten nyetitekaken lampahipun pasinaon, miterang dhateng guru saha siswa, sarta ngawontenaken ulangan. Siswa ingkang dipunteliti cacahipun 31 siswa SMP Negeri I Tengaran Kabupaten Semarang. Hasil panaliten punika nedahaken (1) kanthi dasar asilipun panaliten nyerat aksara jawa siswa SMP Negeri I Tengaran Kabupaten Semarang. Wonten tigang prakawis kagem tetimbangan netepaken rancangan, saha nindakaken pasinaon, inggih punika : (1) mbonten wonten cara ingkang langkung onja kangge caranipun sinau, (2) pasinaon makaten pambudidaya ingkang njalari siswa sinau saestu, (3) guru ngrembakaken pasinaon antawisipun : (a) ndamel saripathinipun ancas ingkang mligi adedasar ancasipun pasinaon saha niteni cirinipun sekolahan utawi kelas, (b) ngrancang pasinaon ingkang mligi mboten menggok saking ancas ingkang dipun tetepaken,(c) netepi rancangan pasinaon ingkang nyata (mboten ngayawara), (d) maringi biji lampahipun pasinaon, (e) maringi biji lampahipun ingkang nindakaken pasinaon. (4) cak-cakanipun pasinaon nyerat karangan bebas kanthi aksara jawa. (5) sejarahipun maringi biji nyerat aksara jawa : (a) siswa kathak ingkang bijinipun sae, saking siswa 22 ing antawisipun 31 siswa kelas VIII G ingkang dipun pilih sampel paniliten, pranyata nyerat aksara jawa pantes dipun tliti, (b) wonten siswa 1 ingkang bijinipun sae sanget, dine murid 14 radi lumayan bijinipun, dene murid cacah 7 pikanthuk biji cekap sae, (c) miturut rata-rata kelas pranyata taksih dereng saged tuntas KKM, taksih perlu mbudidaya ningkataken cara pasinaon gladhen nyerat aksara jawa
| Penulis Utama | : | Sri Kustinah |
| Penulis Tambahan | : | 1. 2. |
| NIM / NIP | : | S441102009 |
| Tahun | : | 2013 |
| Judul | : | Pembelajaran Menulis Paragraf Huruf Jawa Pada Siswa Smp Negeri 1 Tengaran Kabupaten Semarang |
| Edisi | : | |
| Imprint | : | Surakarta - Pascasarjana - 2013 |
| Program Studi | : | S-2 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah |
| Kolasi | : | |
| Sumber | : | UNS-Pascasarjana Prodi. Pendidikan Bahasa Indonesia-S.441102009-2013 |
| Kata Kunci | : | |
| Jenis Dokumen | : | Tesis |
| ISSN | : | |
| ISBN | : | |
| Link DOI / Jurnal | : | - |
| Status | : | Public |
| Pembimbing | : |
1. Prof. Dr.Sarwiji Suwandi, M. Pd. 2. Prof. Dr. St. Y. Slamet, M. Pd. |
| Penguji | : | |
| Catatan Umum | : | |
| Fakultas | : | Sekolah Pascasarjana |
| File | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |
|---|