Penulis Utama : Pitri Retnowati
NIM / NIP : C0109030
× Prêkawis ingkang dipunrêmbag wontên ing panalitèn inggih punika: (1) kados pundi wujud panyimpangan prinsip kerja sama lan kesopanan wontên ing kêthoprak lawak depot seni Kirun?; (2) kados pundi inferensi implikatur wontên ing kêthoprak lawak depot seni Kirun?; saha (3) kados pundi maksud implikatur wontên ing kêthoprak lawak depot seni Kirun? Ingkang dados ancasing panalitèn inggih punika: (1) nggambarakên wujud panyimpangan prinsip kerja sama lan kesopanan wontên ing kêthoprak lawak depot seni Kirun; (2) ngandharakên inferensi implikatur wontên ing kêthoprak lawak depot seni Kirun; saha (3) ngandharakên maksud implikatur wontên ing kêthoprak lawak depot seni Kirun. Panalitèn punika asipat deskriptif kualitatif ingkang migunakakên data lisan inggih punika ingkang awujud kata, frasa, klausa, ukara, têmbung lan sanès-sanèsipun ingkang wontên ing pacêlathon antawisipun pêlawak wontên ing kêthoprak lawak depot seni Kirun. Sumber data panalitèn inggih punika kalih VCD pagêlaran kêthoprak lawak depot seni Kirun kanthi Judul Kirun Edan Bagio dadi Ratu lan Joko Kendil. Populasi wontên ing panalitèn inggih punika sêdaya wujud tuturan basa Jawa wontên ing rêkaman pagêlaran kêthoprak kanthi Judul Joko Kendil lan Kirun Edan Bagio dadi Ratu. Sampel data panalitèn inggih punika tuturan ingkang ngêmot wujud panyimpangan prinsip kerja sama saha prinsip kesopanan, inferensi implikatur, saha maksud implikatur ingkang wontên ing rêkaman pagêlaran kêthoprak lawak kanthi Judul Joko Kendil lan Kirun Edan Bagio dadi Ratu. Metodê pangêmpalan data ingkang dipunginakakên inggih punika metode simak. Teknik dasar ingkang dipunginakakên inggih punika teknik sadap. Mênawi teknik lanjutan ingkang dipunginakakên inggih punika teknik catat. Data dipunanalisis ngangge metode kontekstual lan metode padan. Asilipun analisis data sagêd dipunpêndhêt dudutanipun, inggih punika: (1) wontên sêkawan wujud panyimpangan prinsip kerja sama lan ênêm panyimpangan prinsip kesopanan. Sêkawan wujud panyimpangan prinsip kerja sama inggih punika panyimpangan maksim kuantitas, kualitas, relevansi, lan pelaksanaan. Panyimpangan prinsip kesopanan awujud panyimpangan maksim kebijaksanaan, penerimaan, kemurahan, kerendahan hati, kecocokan, lan kesimpatian; (2) inferensi implikatur wontên ing kêthoprak lawak depot seni Kirun kaajab supados sagêd mangêrtos sêjatosipun maksud ingkang dipunkêrsakakên panutur wontên ing runtutipun pacêlathon ingkang sampun runtut nanging kirang cêtha sêsambêtanipun; (3) maksud implikatur ingkang dipunêmot wontên ing kêthoprak lawak depot seni Kirun kathahipun wontên wolung wujud implikatur. Maksud implikatur punika awujud nyindir, ngece, ngaturi pirsa, paring pramayogi, paring panêmu, sambat, nolak, lan njanjèni.
×
Penulis Utama : Pitri Retnowati
Penulis Tambahan : 1.
2.
NIM / NIP : C0109030
Tahun : 2013
Judul : Implikatur Bahasa Jawa Dalam Ketoprak Lawak Depot Seni Kirun (Suatu Kajian Pragmatik)
Edisi :
Imprint : Surakarta - FSSR - 2013
Program Studi : S-1 Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS-FSSR Jur. Sastra Daerah-C.0109030-2013
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Drs. Sujono, M.Hum
2. Drs. Yohanes Suwanto, M.Hum
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. Sastra dan Seni Rupa
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.