Penulis Utama : Ahmad Jamiul Amil
NIM / NIP : S441208001
× Panaliten tindakan kelas punika nggadhahi ancas: (1) Ngindhakaken kualitas proses piwulangan nembang macapat siswa lumantar panganggening media e-gamelan saha pangetrapipun pendekatan kontekstual; (2) Ngindhakaken kaprigelan nembang macapat siswa lumantar panganggenipun media e-gamelan saha pangetrapipun pendekatan kontekstual tumrap siswa kelas XI IPA 2 SMA Negeri 2 Semrang. Panaliten dipun laksanakaken ing madyaning wulan Juli 2013 dumugi pungkasaning November 2013. Pendekatan panaliten punika ngginakaken panaliten tindakan kelas. Subjek panaliten inggih punika dwija saha siswa kelas XI IPA 2 SMA Negeri 2 Semarang. Dara arupi RPP, foto, kasil tes, cathetan lapangan, pakaryan siswa, pakaryan dwija, daftar biji, saha cathetan kasil wawancara. Teknik pangempalan data lumantar observasi, wawancara, tes, lan dokumen. Uji validitas data ngginakaken triangulasi sumber data. Teknik analisis data ngginakaken teknik analisis kritis lan teknik deskriptif komparatif. Indikator kompetensi siswa inggih punika 80%. Prosedur panaliten inggih punika nyiyagakaken uba rampe, surve, nindakaken siklus, observasi saha palaporan. Kasil panaliten nedahaken bilih panganggenipun media e-gamelan lan pangetrapan pendekatan kontekstual saget ngindakaken kualitas proses piwulangan nembang macapat siswa kanthi pratandha indhakipun pakaryan siswa awujud (perhatian, kekatifan, semangat saha keberanian). Panaliten punika ugi nedahaken bilih kanthi ngginakaken media e-gamelan lan pangetrapan pendekatan kontekstual saget ngindhakaken kaprigelan nembang macapat siswa kelas XI SMA Negeri 2 Semarang. Prekawis punika saget dipuntingali saking kasil tindakan ingkang dipunlaksanaken tigang siklus. Saderengipun tindakan gunggungipun siswa ingkang pikantuk nilai langkung sanking KKM (75) 8 siswa utawa (22%) gunggunging siswa, kanthi biji rata-rata 70. Siklus I siswa ingkang tuntas mindhak dados 26 siswa utawi (65%) kanthi nilai rata-rata (75, 09). Siklus II wonten 28 siswa (78%) ingkang tuntas, kanthi nilai rata-rata 79. Siklus III siswa inglang KKM gunggunipun 30 (88%) biji rata-rata 81. Siklus III punika nilai dipuntedahaken bilih kualitas proses kinerja siswa lan kinerja guru sampun tuntas inggih punika 80%. Salajengipun saget dipunandharaken bilih piwulangan nembang macapat kanthi ngginakaken media e gamelan saha pangetrapan pendekatan kontekstual saget ngindhakaken kualitas proses piwulangan nembang macapat saha saget ngindhakaken kaprigelan nembang macapat siswa. Tembung wos: nembang macapat, panganggenipun media e-gamelan, pendekatan kontekstual
×
Penulis Utama : Ahmad Jamiul Amil
Penulis Tambahan : 1.
2.
NIM / NIP : S441208001
Tahun : 2014
Judul : Penggunaan media e-gamelan dan penerapanpendekatan kontekstual untuk meningkatkan kompetensi nembang macapat pada siswa kelas xi ipa 2 sma negeri 2 Semarang
Edisi :
Imprint : Surakarta - Pascasarjana - 2014
Program Studi : S-2 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah
Kolasi :
Sumber : UNS-Pascasarjana Prog. Bahasa Indonesia-S441208001-2014
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Tesis
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Prof. Dr. Sarwiji Suwandi, M.Pd.
2. Prof. Dr. T Slamet Suparno, S.Kar., M.S.
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Sekolah Pascasarjana
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.