Penulis Utama : Endang Tri Irianingsih
NIM / NIP : C0110025
× Prêkawis ingkang dipunrêmbag wontên panalitèn punika (1) kados pundi suntingan teks saking naskah Pêthikan Sêjarahipun Radèn Tumênggung Puspanagara, Tohjaya, Juragan Bali ingkang rêsik saking kalêpatan? (2) punapa isi wasiat saking R.T. Puspanagara wontên naskah Pêthikan Sêjarahipun Radèn Tumênggung Puspanagara, Tohjaya, Juragan Bali? Ancasipun panalitèn punika (1) ngandharakên suntingan teks saking naskah Pêthikan Sêjarahipun Radèn Tumênggung Puspanagara, Tohjaya, Juragan Bali ingkang rêsik saking kalêpatan (2) ngandharakên isi wasiat saking R.T. Puspanagara wontên naskah Pêthikan Sêjarahipun Radèn Tumênggung Puspanagara, Tohjaya, Juragan Bali. Wujudipun panalitèn punika panalitèn filologi ingkang sipatipundeskriptif kualitatif. Jinis panalitèn inggih punika panalitèn pustaka utawi library research. Sumber data wontên panalitèn inggih punika naskah Pêthikan Sêjarahipun Radèn Tumênggung Puspanagara, Tohjaya, Juragan Bali ingkangdados gadhahanipun panaliti piyambak. Naskah punika angsal saking tumbas ing Gladag, Surakarta Hadiningrat. Data wontên panalitèn punika dipunbèntênakên dados kalih inggih punika data primer lan data sekunder. Data primer inggih punika wasiat saking R.T. Puspanagara inggih punika primbon warni-warniwontên naskah Pêthikan Sêjarahipun Radèn Tumênggung Puspanagara, Tohjaya, Juragan Bali ikang naskahipun awujud gancaran ingkang sinêrat mawi aksara Jawa carik. Lajêng data sekunder ingkang dipunginakakên kangge nyêngkuyung panalitèn inggih punika asil wawancara kalihan narasumber inggih punika juru kunci pasarean lan warga ingkang cêlak pasarean R.T. Puspanagara. Teknik pengumpulan data ngginakakên metode studi lapangan nganggeteknik observasi kanthi pênjaringan naskah wontên bêbrayan ingkang dados gadhahanipun piyambak. Lajêng ngginakakên metode studi pustaka ngangge teknik maos lan nyatêt kangge nêlusuri wontên katalog supados sagêd dipuntêmtokakên naskahipun jamak utawi tunggal. Lajêng dipunangsalakên mênawi naskah Pêthikan Sêjarahipun Radèn Tumênggung Puspanagara, Tohjaya, Juragan Bali punika naskah tunggal. Lajêng, naskahipun dipunalihaksarakakên ngangge aksara latin. Teknik analisis data kanthi analisis filologi lan analisis isi. Analisisfilologi ngginakakên metode penyuntingan naskah tunggal. Suntingan teksngginakakên metode edisi standar saking Edwar Djamaris lajêng kangge ndhudhah isi wasiat R.T. Puspanagara kanthi metode intepretasi. Adhêdhasar analisis data, dudutanipun inggih punika: (1) wontên naskah Pêthikan Sêjarahipun Radèn Tumênggung Puspanagara, Tohjaya, Juragan Balidipuntemokakên varian-varian inggih punika 10 varian Lacuna, 10 varian adisi, 38 varian hypercorrect, lan 1 varian corrupt. Suntingan teks ingkang sampun ngliwati kritik teks lan cêlak kalihan teks ingkang rêsik saking kalêpatan satêmahsagêd dipuntanggêljawabakên kanthi ilmiah. (2) Pêthikan Sêjarahipun Radèn xix Tumênggung Puspanagara, Tohjaya, Juragan Bali inggih punika naskah ingkang jinisipun sêjarah saking R.T. Puspanagara ingkang nilarakên wasiat kados punika: 1) Pratikêlanipun tiyang lampah gêgramèn, sêsadean sapanunggalanipun ingkang nama pangupa jiwa; 2) Isaratipun manawi badhe dipunsihi (luluti) ing tiyang kathah; 3) Tulak padamêlan awon; 4) Sarat nututakên rêjêki; 5) Aji pangirupiksa barang kang sinêdya ênggal kadugèn; 6) Pangasihan dhatêng para luhur; 7) Aji sêpi angin, 8) Aji palêrêban dhatêng tiyang nêpsu utawi palêrêban tumrap tiyang awon; 9) Pangasihan tumrap éstri, éstri tumrap kakung; 10) Aji liwung gaib; 11) Aji bandung karosan; lan 12) Aji braja lamatan.
×
Penulis Utama : Endang Tri Irianingsih
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : C0110025
Tahun : 2014
Judul : Pêthikan Sêjarahipun Radèn Tumênggung Puspanagara, Tohjaya, Juragan Bali (Suatu Tinjauan Filologis)
Edisi :
Imprint : Surakarta - F.SSR - 2014
Program Studi : S-1 Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS-F.SSR Jur. Sastra Jawa-C1010038-2014
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Drs. Sisyono Eko Widodo, M.Hum.
2. Drs. W. Hendrosaputro, M.Si.
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. Sastra dan Seni Rupa
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.