Penulis Utama : Niken Estirohmawati
NIM / NIP : K4211030
×

Panaliten menika minangka panaliten tindakan kelas ingkang ancasipun: ngudi indhaking minat lan kaprigelan nyerat teks eksposisi bab seni pertunjukan Jawa kanthi ngginakaken metodhe mind mapping tumrap siswa kelas XI MIA 9 SMA Negeri 1 Karanganyar.
Panaliten menika minangka panaliten tindakan kelas ingkang dipunlampahi 2 siklus, saben siklus dipunlampahi panaliten 2 piwucalan. Saben siklus wonten tahap-tahapanipun: (1) rancangan, (2) tindakan, (3) observasi, lan (4) refleksi. Wekdal panaliten menika 6 wulan, dipunwiwiti wulan Januari dumugi wulan Juli 2015. Subyek panaliten inggih menika siswa kelas XI MIA 9 kanthi cacah 31 siswa lan ugi guru ing proses piwucalan nyerat eksposisi. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika informan/narasumber (siswa kalihan guru), papan panggonan lan prastawa piwulangan, kalihan ugi dokumen/arsip. Teknik pangempalan data ingkang dipunlampahi inggih menika wawancara, observasi, lan analisis dokumen. Uji validitas data ngginakaken teknik triangulasi data lan metodhe. Analisis data ngginakaken analisis deskriptif kualitatif lan deskriptif komparatif.
Saking panaliten punika saged dipunmangertosi kanthi metode mind mapping saged ngindhakaken minat siswa. Menika dipuntunjukaken kanthi hasil observasi ing pratindakan rata-ratanipun kegiatan siswa 69, sesampunipun dipunlampahi siklus I lan II, ing pascatindakan asilipun dados 83.5. Kaprigelan nyerat eksposisi seni pertunjukan Jawa wonten ing pratindakan dipunmangertosi siswa ingkang tuntas 32% lan siswa ingkang boten tuntas 68%. Banjur, sesampunipun dipunlampahi tindakan siklus I, siswa ingkang tuntas 71% kanthi biji rata-rata 74.45. Wonten ing siklus II siswa ingkang tuntas 87%, kanthi biji rata-rata 84.90. Adhedhasar saking panaliten punika saged dipunpendhet dudutan bilih metodhe mind mapping saged ngindhakaken minat lan kaprigelan nyerat eksposisi.
Tembung wos: minat, kaprigelan nyerat teks eksposisi, metodhe mind mapping

 

×
Penulis Utama : Niken Estirohmawati
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : K4211030
Tahun : 2015
Judul : Peningkatan minat dan keterampilan menulis teks eksposisi tentang seni pertunjukan jawa melalui metode mind mapping pada siswa kelas xi mia 9 sma negeri 1 Karanganyar tahun ajaran 2014/2015
Edisi :
Imprint : Surakarta - FKIP - 2015
Program Studi : S-1 Pendidikan Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS-FKIP Jur. Pendidikan Bahasa Jawa-K.4211030-2015
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Dra. Raheni Suhita, M.Hum
2. Atikah Anindyarini, S.S., M.Hum
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. KIP
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.