Ancasipun panaliten inggih menika kangge ngandharaken: (1) Kawruh kagunanbasa naskah ketoprak “Rembulan Wungu”; (2) Nilai pendhidhikan karakter ingnaskah ketoprak “Rembulan Wungu”; (3) Relevansi naskah ketoprak “RembulanWungu” kaliyan materi wucal basa Jawa ing SMP. Panaliten menika wujudipundeskriptif kualitatif kanthi pendekatan struktural. Sampel ingkang dipunpundhutkanthi teknik purposive sampling. Data ingkang dipunpundhut saking naskahketoprak “Rembulan Wungu”, wawancara kaliyan pengarang, dosen, guru basaJawa, lan siswa. Teknik analisis data ingkang dipun ginakaken inggih menikateknik analisis mengalir ingkang ngandhut tigang komponen, inggih menika:reduksi data, penyajian data, lan pamundhutan dudutan. Asil saking panalitenmenika: (1) kawruh kagunan basa ingkang wonten ing naskah ketoprak“Rembulan Wungu” anggitanipun Bondan Nusantara yaiku: (a) tembung saroja,(b) tembung garba, (c) tembung plutan, (d) tembung wancahan, (e) kerata basa, (f)tembung entar, (g) saloka, (h) panyandra, (i) parikan; (2) nilai pendhidhikankarakter ingkang dipun andhut inggih menika (a) religius, (b) jujur, (c) disiplin,(d) kerja keras, (e) kreatif, (f) mandiri, (g) demokratis, (h) semangat kebangsaanutawa nasionalisme, (i) cinta tanah air, (j) komunikatif, (k) peduli lingkungan, (l)peduli sosial, (m) tanggung jawab; lan (3) Relevansi naskah ketoprak “RembulanWungu” anggitanipun Bondan Nusantara jumbuh kaliyan materi wucal basa Jawaing SMP wonten ing kompetensi dhasar mangertosi sandiwara tradisional Jawalan telaah naskah sandiwara wonten ing kelas IX semester II lan ugi sakingwawancara ingkang kalampahaken kaliyan informan-informan inggih menikadosen, guru, siswa.Tembung kunci: naskah ketoprak, kawruh kagunan basa, nilai pendhidhikankarakter, materi wucal.