Penulis Utama : Ismisari
NIM / NIP : S441408006
×

Penelitian tindakan kelas punika anggadhahi ancas mekaraken: (1) greget siswa pawulangan nyariosaken babagan pandalon pribadhi kanthi ngetrapken metode sosiodrama, ugi (2) kawasisan nyariosaken babagan pandalon pribadhi wonten siswa kelas VIII A SMP Negeri 3 Kutowinagun ing Kabupaten Kebumen kanthi ngetrapaken metode sosiodrama.
Panaliten dipuntindakaken ing wulan Juli dumugi Desember 2015 lan Januari 2016. Panaliten punika awujud penelitian tindakan kelas. Subjek panaliten inggih punika dwija lan siswa kelas VIII A SMP Negeri 3 Kutowinangun ing Kabupaten Kebumen. Sumber data inggih punika papan, prastawa, informan lan dokumen. Teknik pangempalan data migunakaken observasi, interview, tes lan analisis dokumen. Uji validitas data migunakaken teknik trianggulasi inggih punika trianggulasi sumber data lan metode pangempalan data. Teknik analisis data kaliyan teknik deskriptif komparatif lan analisis ktitis. Tenggang asiling panaliten nggayuh 80%. Cak-cakipun panaliten awujudipun rencana tumindak, pamontenan tumindak, observasi lan interpretasi, analisis lan refleksi. Asil panaliten nedahaken bilih metode pawulangan sosiodrama saged ngrembakaken gregeting siswa kalebet nyariosaken babagan pandalon pribadhi ingkang dipuntengeri mekaraken mirengan siswa, greget siswa, ulet maraki kerekaosan, boten enggal waleh wonten jejibahan-jejibahan ingkang rutin, kaleresan wosipun lan panunjukan detil cariyos, kaleresan logika cariyos, keleresan teges sedaya cariyos, kaleresan tembung lan ukara, sarta kelancaran lan unggah-ungguh Basa Jawi. Panaliten punika ugi mituduhaken kanthi ngetrapaken metode sosiodrama saged mekaraken kawasisan siswa kalebet nyariosaken babagan pandalon pribadhi wonten ing siswa kelas VIII A SMP Negeri 3 Kutowinangun. Babagan punika saged dipunpriksa saking asil tumindak ingkang dipuntumindakaken salebetipun tiga siklus jumbuh kaliyan KKM nyariosaken babagan pandalon pribadhi inggih punika = 75. Asil panaliten punika awujud mekaraken greget sinau wonten ing tahap siklus I ngantos 50% kanthi aos rata-rata 69, ing siklus II ngantos 68,75% kanthi aos rata-rata 70, ing siklus III ngantos 81,25% kanthi aos rata-rata 83. Kejaba punika ugi wontenipun pamekaran makarya dwija ing siklus I dumugi 75%, ing siklus II ngantos 88%, ing siklus III ngantos 95%. Pamekaran kawasisan nyariosaken babagan pandalon pribadhi dipuntengeri kanthi mekaraken rata-rata lan ketuntasan sinau. Wondene aos rata-rata siswa nalika siklus I ngantos 50% kanthi aos rata-rata 70, ing siklus II ngantos 68,75% kanthi aos rata-rata 74, ing siklus III ngantos 90,63% kanthi aos rata-rata 85.
Kata kunci : nyariosaken babagan pandalon pribadhi, metode sosiodrama.

 

×
Penulis Utama : Ismisari
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : S441408006
Tahun : 2016
Judul : Peningkatan keterampilan bercerita tentang pengalaman pribadi dengan menggunakan metode sosiodrama pada siswa kelas viii a smp negeri 3 Kutowinangun
Edisi :
Imprint : Surakarta - Pascasarjana - 2016
Program Studi : S-2 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah
Kolasi :
Sumber : UNS-Pascasarjana Prog. Studi Pendidikan Bahasa Indonesia-S.441408006-2016
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Tesis
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Prof. Dr. Sarwiji Suwandi, M.Pd
2. Prof. Sahid Teguh W., S.S., M.Hum., Ph.D
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Sekolah Pascasarjana
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.