ABSTRAKAncasipun panaliten inggih menika kangge ngindhakaken (1) minatpasinaonan maos wacan aksara Jawa dhateng siswa kelas VII G MTs N 1Ngemplak kanthi metode make a match,lan (2) kaprigelan maos wacan aksaraJawa dhateng siswa kelas VII G MTs N 1 Ngemplak kanthi metode make amatch. Panalitian menika mujudaken Penelitian Tindakan Kelas (PTK). Panalitianmenika kalampahaken ing sajroning kalih siklus. Saben siklus menika ngemotperencanaan, pelaksanaan, observasi, lan refleksi. Subjek panaliten inggihmenika siswa kelas VII G MTs N 1 Ngemplak ingkang cacahipun 40 siswa.Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika papan lan kadadosan,informan, lan dokumen. Teknik pengumpulan datanipun inggih menika kanthiobservasi, wawancara, analisis dokumen lan tes. Uji validitas data migunaakenteknik triangulasi sumber lan triangulasi metode. Teknik analisis data migunaakenteknik deskriptif komparatif lan analisis kritis.Adhedhasar asil panaliten nedahaken bilih piwulang maos paragraf aksaraJawa kanthi metode make a match saget ngindhakaken minat siswa wonten ingsajroning proses pasinaonan. Wonten ing proses pasinaonan siklus I minatipunsiswa wonten ing sajroning proses pasinaonan katingal mindhak inggih menika56% lan wonten ing siklus II dados 85,6%. Salajengipun metode make a matchugi saget ngindhakaken kaprigelan siswa anggenipun maos wacan aksara Jawa.Wonten ing siklus I siswa ingkang sampun tuntas inggih menika 72,5% (29siswa), lajeng mindhak wonten ing siklus II dados 82,5% (33 siswa). Prosedurpasinaonanipun inggih menika: (1) siswa dipunponta dados 2 kelompok, (2) gurunyebaraken kertu aksara Jawa lan kertu aksara Latin wonten saben kelompoksacara acak, (3) guru maringi instruksi dhateng siswa kangge miwiti madosijodhonipun kertu ingkang dipunasta, (4) guru maringi aba-aba(setunggal, kalih,tiga) dhumateng siswa kagem madosi jodhonipun kertu ingkang dipun asta, lajengaa-aba (stop)kagem tandha bilih wekdalipun madosi pasangan kertu sampunpungkasan, lan dolananipun dipun ambali kaping kalih, (5) wusananipun gurumungkasi pasinaonan kanthi salam.Kata Kunci : Minat, maos wacan aksara Jawa, metode make a match