Penulis Utama : Yoland Prahastya Fionerita
NIM / NIP : S441608009
×

ABSTRAK

Panaliten menika nggadhahi ancas kangge ngandharaken lan njlentrehaken unsur salebeting naskah, nilai kabecikan, nilai kapadhegan, saha gegayutanipun nilai kapadhegan salebeting Serat Nitik Sultan Agungan wonten pasinaon apresiasi crita fiksi ing SMA.
Panaliten menika wujudipun panaliten kualitatif kanthi metodhe kualitatif deskriptif lan analisis isi. Sumber dhata ing panaliten menika wujudipun dokumen lan informan. Teknik pamendhet dhata wonten panaliten menika ngginakaken content analysis lan wawanpangandikan kastruktur. Validitas dhata awujud trianggulasi teoritis, trianggulasi sumber dhata, lan trianggulasi metodologis. Analisis nginakaken cara ngatur, ngurutaken, ngelompokaken, lan mengkategorikan dhata, banjur ditarik dudutan selaras kaliyan fokus panaliten.
Asil panaliten inggih menika sepisan, struktur Serat Nitik Sultan Agungan kayata (a) tema, inggih menika kapadhegan (b) plot utawi alur inggih menika maju ingkang kaperang dados tiga ingkang ngliputi wiwitan, tengah, kalih pungkasan (c) paraga lan pamaragan inggih menika Sultan Agung pandhega ingkang wicaksana, Panembahan Purubaya mboten sembrana, Juru Taman abdi ingkang setya, Ki Karamat Watu kalih garwanipun nurut, Sultan Banten kalih Sultan Palembang durjana, Sunan Kalijaga, Sunan Tembayat, kalih Kyai Imam Safingi panutur ingkang sae (d) latar utawi setting inggih menika latar panggenan (Kerajaan Mataram, Gunung Merapi, Dhusun Karamat Watu, Mekah, Nagari Banten, Alas Lebak, Nagari Palembang, kalih Masjid), latar wektu (enjing kalih dalu), latar sosial (raja, senapati, kalih abdi) (e) penyudutpandangan ngginakaken sudhut pandhang tiyang ketiga ingkang mengertosi sedaya (f) basa, inggih menika Basa Jawi (krama alus, ngoko lugu, kalih ngoko alus) kalih Basa Kawi (g) moral, inggih menika tumindak sopan santun.
Angka kalih, nilai kabecikan wonten Serat Nitik Sultan Agungan inggih menika sregep, sopan santun, nindakake pitutur, andhap asor, kalih agamis. Angka tiga, nilai kapadhegan wonten Serat Nitik Sultan Agungan inggih menika tanggung jawab, nuladha crita pandhega, mboten nyelepekaken tiyang, amanat, nyaosi panghargan, mangertosi kabutuhan rakyat, wicaksana, nglindhungi abdi, kalih madosi bukti kabeneran. Angka sekawan, caroyos Serat Nitik Sultan Agung  selaras upami dipundamel bahan pasinaon materi apresiasi crita fiksi amargi sampun selaras kaliyan Kurikulum 2013, kaliyan ngandhut nilai kapadhegan ingkang saged dipuntuladhani kaliyan para siswa.
Tembung Pangrunut : struktur, nilai kabecikan, nilai kapadhegan, relevansi wonten cariyos Serat Nitik Sultan Agungan.

×
Penulis Utama : Yoland Prahastya Fionerita
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : S441608009
Tahun : 2018
Judul : Sosok Sultan Agung dalam Serat Nitik Sultan Agungan dan Bentuk Penguatan Nilai Kepemimpinan bagi Peserta Didik Tingkat SMA
Edisi :
Imprint : Surakarta - Pascasarjana - 2018
Program Studi : S-2 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah
Kolasi :
Sumber : UNS-Pascasarjana Jur. Pendidikan Bahasa Jawa-S441608009-2018
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Tesis
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Dr. Kundharu Saddhono, M.Hum.
2. Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd.
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Sekolah Pascasarjana
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.