Penulis Utama | : | Mushoffiana Audina |
NIM / NIP | : | C0114045 |
ABSTRAK
Pr?kawis ingkang dipunr?mbag wont?n ing panalitén m?nika (1) kados pundi wujudipun AK lan CK dosen kaliyan mahasiswa wonten ing pengajaran Prodi Sastra Daerah FIB UNS?, (2) punapa pigunanipun AK lan CK dosen kaliyan mahasiswa wonten ing pengajaran Prodi Sastra Daerah FIB UNS?, (3) pr?kawis m?napa kemawon ingkang anjalari AK lan CK dosen kaliyan mahasiswa wonten ing pengajaran Prodi Sastra Daerah FIB UNS?. Ingkang dados ancasipun panalit?n m?nika (1) ngandharak?n wujudipun AK lan CK dosen kaliyan mahasiswa wonten ing pengajaran Prodi Sastra Daerah FIB UNS, (2) ngandharak?n pigunanipun AK lan CK dosen kaliyan mahasiswa wonten ing pengajaran Prodi Sastra Daerah FIB UNS, (3) ngandharak?n pr?kawis ingkang anjalari AK lan CK dosen kaliyan mahasiswa wonten ing pengajaran Prodi Sastra Daerah FIB UNS.
Panalit?n m?nika kal?b?t panalit?n deskriptif kualitatif. Sumber data panalit?n m?nika saking informan lan panggenan sasaran panalit?n. Populasi wonten ing panalit?n m?nika sedaya pac?lathon ingkang ngginakak?n basa Jawi saking dosen prodi Sastra Daerah FIB UNS lan mahasiswa prodi Sastra Daerah babagan linguistik angkatan 2014 FIB UNS ingkang wonten ing sumber data.
Teknik kangge némtokak?n sampel m?nika kanthi teknik purposive sampling. Metode pang?mpalan data wont?n ing panalit?n ngginakak?n metode simak kanthi teknik sadap, SLC, SBLC, rekam lan catat. Analisis data ginaak?n metode distribusional lan padan.
Adh?dhasar analisis data, sag?d dipunp?ndh?t dudutanipun m?nika: (1) wujud AK kadadosan: (a) AK saking BING dhat?ng BJRK, (b) AK saking BJRNg dhat?ng BJRK, (c) AK saking BI dhat?ng BJRK, (d) AK saking BJ dhat?ng BI. Wujud CK kadadosan: (a) CK awujud t?mbung, (b) CK awujud frasa; (2) pigunanipun AK kadadosan: (a) langkung argumentatif ngyakinak?n wawan gin?m, (b) langkung komunikatif, (c) kangge pakurmatan, (d) gamblangak?n gin?man, (e) langkung prestise. Pigunanipun CK kadadosan: (a) basa ingkang dipungginakak?n langkung variasi, (b) gampil dipunmang?rtosi; (3) pr?kawis ingkang anjalari AK lan CK kadadosan: (1) faktor sosial, (2) faktor situasional, (3) faktor lingual, (4) faktor praktikal.
T?mbung wos: alih kode, campur kode, dosen, mahasiswa, Prodi Sastra Daerah
FIB UNS, sosiolinguistik.
Penulis Utama | : | Mushoffiana Audina |
Penulis Tambahan | : | - |
NIM / NIP | : | C0114045 |
Tahun | : | 2018 |
Judul | : | Alih Kode dan Campur Kode Dosen dengan Mahasiswa dalam Proses Perkuliahan Prodi Sastra Daerah Fakultas Ilmu Budaya Universitas Sebelas Maret (Suatu Kajian Sosiolinguistik) |
Edisi | : | |
Imprint | : | Surakarta - FIB - 2018 |
Program Studi | : | S-1 Sastra Jawa |
Kolasi | : | |
Sumber | : | UNS-F. Ilmu Budaya, Prog. Studi Sastra Daerah- C0114045-2018 |
Kata Kunci | : | |
Jenis Dokumen | : | Skripsi |
ISSN | : | |
ISBN | : | |
Link DOI / Jurnal | : | - |
Status | : | Public |
Pembimbing | : |
1. Drs. Sujono, M.Hum. |
Penguji | : | |
Catatan Umum | : | Lamp unpublish |
Fakultas | : | Fak. Ilmu Budaya |
File | : | Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download. |
---|