Penulis Utama : Nur Novita Sari
NIM / NIP : K4211033
×

ABSTRAK

Panaliten punika ancasipun kangge ngandharaken piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa ing siswa kelas X AK 1 SMK Negeri Jenawi Karanganyar ingkang awujud: (1) persepsi guru basa Jawa SMK Negeri Jenawi Karanganyar ngengingi piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa; (2) perencanaan piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa kelas X AK 1 SMK Negeri Jenawi Karanganyar; (3) lampahipun piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa kelas X AK 1 SMK Negeri Jenawi Karanganyar;(4) prekawis nalika piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa kelas X AK 1 SMK Negeri Jenawi Karanganyar; (5) upayanipun kangge ngadhepi prekawis nalika piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa kelas X AK 1 SMK Negeri Jenawi Karanganyar. Panaliten punika awujud panaliten kualitatif ingkang mendhet sampel wonten ing SMK Negeri Jenawi Karanganyar. Teknik pengumpulan dhata inggih punika observasi, wawancara, lan analisis dokumen. Teknik analisis dhata ingkang dipun ginakaken ing panaliten inggih punika analisis interaktif ingkang awujud: (1) pengumpulan dhata; (2) reduksi dhata; (3) penyajian dhata; (4) penarikan simpulan. Adhedhasar dhata lan kasil analisis saged dipun damel dudutan: (1) persepsi guru basa Jawa SMK Negeri Jenawi Karanganyar ngengingi piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa inggih punika diperlokaken wontenipun piwucalan kanthi teori lan praktik; (2) perencanaan piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa kelas X AK 1 SMK Negeri Jenawi Karanganyar ingkang awujud silabus lan Rencana Pelaksanaan Pembelajaran ingkang dipun damel adhedhasar hasil MGMP guru mata pelajaran basa Jawa Kabupaten Karanganyar sarta persiapan komponen piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa saking guru; (3) lampahipun piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa kelas X AK 1 SMK Negeri Jenawi Karanganyar kanthi migunakaken metodhe ceramah lan strategi piwucalan ingkang ngremenaken; (4) prekawis ingkang dipun panggihi ing piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa siswa kelas X AK 1 SMK Negeri Jenawi Karanganyar inggih punika: (a) alokasi wekdal ingkang taksih kirang; (b) kirang sarana lan prasarana piwucalan; (c) kirangipun wawasan siswa babagan unggah-ungguh basa Jawa; (d) guru ngginakaken strategi piwucalan ingkang ngremenaken;(5) Upaya kangge ngatasi prekawis piwucalan nyerat deskripsi basa Jawa siswa kelas X AK 1 SMK Negeri Jenawi Karanganyar inggih punika: (a) guru manfaataken wekdal kanhi sae; (b) guru ngginakaken media cetak lan surat kabar basa Jawa kangge piwucalan; (c) guru paring motivasi dhumateng siswa; (d) guru ngginakaken strategi ingkang sae.

Tembung wos: piwucalan nyerat deskripsi, perencanaan myerat deskripsi, lampahipun piwucalan nyerat deskripsi, prekawis wonten piwucalan nyerat deskripsi, upaya kangge ngatasi prekawis.

×
Penulis Utama : Nur Novita Sari
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : K4211033
Tahun : 2018
Judul : Pembelajaran Menulis Deskripsi Bahasa Jawa Siswa Kelas X AK 1 SMK Negeri Jenawi Karanganyar Tahun Pelajaran 2016/2017
Edisi :
Imprint : Surakarta - FKIP - 2018
Program Studi : S-1 Pendidikan Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS-F. KIP-Prod Pendidikan Sudi Pendidikan Bahasa Jawa-K4211033-2018
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Drs. Slamet Mulyono, M. Pd.,
2. Dr. Djoko Sulaksono, S. Pd., M. Pd.,
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. KIP
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.