Panaliten tindakan kelas punika anggadhahi ancas inggih punika ngupayakaken indhaking keaktifan siswa lan kaprigelan nyerat crita cekak kanthi ngginakaken metodhe examples non-examples lan medhia gambar berseri tumrap siswa kelas X IPS 4 SMA Negeri 1 Sukoharjo.Panaliten punika dipunlampahaken kanthi kalih siklus, ingkang sabensiklus wonten rancangan, tindhakan, observasi, lan refleksi. Sumber dhata ingkang dipunginakaken inggih punika prastawa, dokumen, lan informan. Teknik ngempalaken dhata ingkang dipunginakaken inggih punika observasi, analisis dokumen, wawanrembag lan maringi tugas/tes. Teknik uji validitas dhata ngginakaken teknik triangulasi metodhe lan triangulasi sumber dhata. Teknik analisis dhata ngginakaken deskriptif komparatif lan analisis kritis.Saking panaliten punika saged dipunmangertosi bilih wonten ing siklus Ikeaktifan siswa inggih punika 65.52%, lajeng wonten ing siklus II asilipun dados93.10%. Kaprigelan nyerat crita cekak wonten ing pratindakan saged dipunmangertosi bilih siswa ingkang tuntas 27.58% lan siswa ingkang boten tuntas 72.42%. Lajeng, sesampunipun dipunlampahi siklus I, siswa ingkang tuntas62.06% lan siswa ingkang boten tuntas 37.94%. Wonten ing siklus II siswa ingkang tuntas 89.65% lan taksih 10.35% ingkang dereng tuntas.Adhedasar asiling panaliten punika saged dipunpendhet dudutan bilihmetodhe pasinaon examples non-examples lan medhia gambar berseri saged ngindhakaken keaktifan siswa lan kaprigelan nyerat crita cekak tumrap siswa kelas X IPS 4 SMA Negeri 1 Sukoharjo.