×
SARI PATHI
Konflik Psikologis Tokoh-tokoh Dalam Novel Ledhek Saka Ereng-erenge Gunung Wilis Karya Tulus Setiyadi (Tinjauan Psikologi Sastra). Skripsi: Program Studi Sastra Daerah Fakultas Ilmu Budaya Universitas Sebelas Maret Surakarta.Panalitèn punika kanggéngrêmbag: (1) struktur cariyos ingkang mbangun salêbêting novel Lèdhèk Saka Èrèng-èrèngé Gunung Wilis anggitanipun Tulus Setiyadi miturut teori fiksi Robert Stanton; (2) kados pundi wujudipun konflik ingkang dipunalami kaliyan paraga-paraga salêbêting novel Lèdhèk Saka Èrèng-èrèngé Gunung Wilis anggitanipun Tulus Setiyadi; (3) faktor ingkang sagêd ndayani konflik dhumatêng paraga-paraga salêbêting novel Lèdhèk Saka Èrèng-èrèngé Gunung Wilis anggitanipun Tulus Setiyadi. Panalitèn punika ginaakên pendekatan struktural minangka dhasar kanggé ngandharakên unsur pembangunnovel ingkang sami gêgayutan, sarta ginaakên pendekatan psikologi sastra kanggé ngandharakên konflik psikologis ingkang dipunalami kaliyan paraga-paraga salebeting novel Lèdhèk Saka Èrèng-èrèngé Gunung Wilis anggitanipun Tulus Setiyadi. Ancasipun panalitèn inggih menika: (1) ngandharakên unsur salêbêting novèl Lèdhèk Saka Èrèng-èrèngé Gunung Wilis anggitanipun Tulus Setiyadi miturut teori fiksi Robert Stanton; (2) ngandharakên wujudipun konflik ingkang dipunalami kaliyan paraga-paraga salêbêting novèl Lèdhèk Saka Èrèng-èrèngé Gunung Wilis anggitanipun Tulus Setiyadi; (3) ngandharakê faktoringkang sagêd ndayani konflikdhumatêng paraga-paraga salêbêting novel LèdhèkSakaÈrèng-èrèngé Gunung Wilisanggitanipun Tulus Setiyadi.Wujudipun panalitèn inggih punika panalitèn sastra kanthi teknik deskriptif kualitatif. Sumbêr dhata panalitèn inggih punika novel Lèdhèk Saka Èrèng-èrèngé Gunung Wilis anggitanipun Tulus Setyadi. Dipundalakên CV. PUSTAKA ILALANG Group ing wulan Juli 2018. Dhata salêbêting panalitèn puniki arupi unsur-unsur instrinsiklan aspek-aspek psikologi. Teknik pangèmpalanè dhata wontên panalitèn puniki ngginakakên teknik analisis isi. Teknik analisisdhata angginakakèn modhèl interaktif. Asiling panalitèn punika nedahakên mênawi: (1) unsur-unsur strukturalnovel Lèdhèk Saka Èrèng-èrèngé Gunung Wilisanggitanipun Tulus Setyadi sami gêgayutan pramila nyiptaakên caryos ingkang gampil dipun-mangêrtosi; (2) wujudipun konflik psikologis paraga-paraga salêbeting novel Lèdhèk Saka Èrèng-èrèngé Gunung Wilisantawisipun kuwatir/sumêlang, pertentangan, bèntênipun prinsip, kagorèhan sarta frustasi; (3) faktor ingkang ndayani konflik psikologis paraga-paraga salêbêting novel Lèdhèk Saka Èrèng-èrèngé Gunung Wili santawisipun rawuhipun raos énggal, kajirêt sajroning kahanan kang ruwêt, kasunyatan botên sami kaliyan pangajêng-ajêng, sarta botên nyaman kaliyan kahanan ingkang wontên. Têmbung wos: Novel, Psikologi Sastra, Konflik, Ledhek