Penulis Utama : Sari Sulistiyoningsih
NIM / NIP : C0113052
×

Babagan ingkang dipun rembag ing panaliten punika, (1) struktur cariyos naskah Ketoprak Odipus Sang Nata karya Bondan Nusantara wonten dasar teori Soediro Satoto; (2) proses kejiwaan miturut teori psikologi Sigmund Freud; (3) faktor-faktor ingkang nuwuhaken dumadosipun konflik psikis ingkang dipunsendhang paraga utama Odipus katinjo saking psikologi sastra. Panaliten menika ngginakaken teori structural miturut Soediro Satoto saklajengipun dipun tiliti kanthi tinjoan psikologi sastra. Ancasipun panaliten inggih menika: (1) ngandharaken unsur struktural naskah ketoprak Odipus Sang Nata karya Bondan Nusantara miturut Soediro Satoto; (2) ngandharaken proses kajiwan miturut teori psikologi Sigmund Freud; (3) ngandharaken faktor-faktor ingkang nuwuhaken konflik psikis ingkang dipunalami paraga utama Odipus miturut tinjoan psikologi sastra. Ginapaedahipun panaliten menika kaajab saged nambahi pangertosan ngelmu kasusastraan mliginipun tinjoan psikologi sastra. Landasan teori panaliten inggih menika pengertosan drama, teori structural Soediro Satoto ingkang awujud tema, amanat, penokohan, alur, latar (setting), tikaian utawi konflik, lancakapan. Teoripsikologi Sigmund Freud awujud id utawa das es, ego utawi das ich, super ego utawa das ueberich. Bentuk panaliten inggih menika panaliten sastra kanthi teknik deskripti fkualitatif. Sumber data asalipun saking naskah ketoprak Odipus Sang Nata anggitanipun Bondan Nusantara.Data panaliten awujud isi teks naskah ketoprak Odipus Sang Nata Karya Bondan Nusantara. Katinjo miturut teori psikologi sastra Sigmund Freud. Teknik ngempalaken data ing panelien menika ngginaaken teknikan alisisisi, pacelathon, saha studi pustaka. Analisis data wonten panaliten menika ngginakaken model analisis data interaktif, inggih menika reduksi data, penyajian data, saha teknik penarikan kesimpulan utawi verifikasi. Asil analisis saking panaliten menika : (1) Naskah Ketoprak Odipus Sang Nata karya Bondan Nusantara nggadhahi unsur-unsur ingkang ambangun inggih menika tema, amanat, penokohan, alur, latar (setting), tikaian utawi konflik saha cakapan utawa dialog (2) saking aspek psikologi sastra, naskah kethoprak Odipus Sang Nata karya Bondan Nusantara ambabar proses kajiwan paraga utami Odipus ingkang nggadhahi satemah ngewahi psikisipun. Sadaya aspek teori Sigmund Freud ingkang awujud id utawa das es, ego utawi das ich, super ego utawa das ueberich. Saged nggambaraken sedaya kajiwaning saking paraga Odipus.  (3)Odipus ngalami factor psikis ingkan gndorong dumadosing konflik psikis andadosaken Odipus nggrantes saenggo ndamel Odipus nunjem mripatipun ngginakaken belati kangge nebus kelepetanipun.
 

×
Penulis Utama : Sari Sulistiyoningsih
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : C0113052
Tahun : 2017
Judul : Kejiwaan tokoh Odipus dalam naskah Ketoprak Odipus Sang Nata (suatu tinjauan psikologi sastra).
Edisi :
Imprint : Surakarta - Fak. Ilmu Budaya - 2017
Program Studi : S-1 Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS-Fak. Ilmu Budaya-Jur. Sastra Daerah-C0113052-2017
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Dra. Sundari, M.Hum
2. Siti Muslifah, SS., M.Hum.
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. Ilmu Budaya
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.