Penulis Utama : Riyan Widayat
NIM / NIP : B0115048
×

Abstrak

Prekawis wonten ing panaliten inggih punika (1) kadospundi struktur ingkang mbangun novel Podhang Ngisep Sari anggitanipun Hari Jumanto miturut teorinipun Robert Stanton ingkang dumagi saking fakta-fakta cariyos (karakter, alur, latar, tema), lan sarana-sarana cariyos (judul, sudut pandang, gaya basa lan tone, simbolisme lan ironi), (2) kadospundi religiusitas lakon ing novel Podhang Ngisep Sari anggitanipun Hari Jumanto, (3) kadospundi jumbuhipun religiusitas lakon ing novel Podhang Ngisep Sari anggitanipun Hari Jumanto kaliyan konteks jaman sakniki.
Ancasing panaliten inggih punika : (1) babagan struktur ingkang ambangun novel Podhang Ngisep Sari anggitanipun Hari Jumanto miturut teorinipun Robert Stanton ingkang dumagi saking fakta-fakta cariyos (karakter, alur, latar, tema), lan sarana-sarana cariyos (judul, sudut pandang, gaya basa lan tone, simbolisme lan ironi), (2) babagan religiusitas lakon ing novel Podhang Ngisep Sari anggitanipun Hari Jumanto, (3) babagan jumbuhipun religiusitas lakon ing novel Podhang Ngisep Sari anggitanipun Hari Jumanto kaliyan konteks jaman sakniki.
Paedahipun panaliten menika kangge sumber waosan panaliten sanes ingkang fokusipun wonten ing aspek struktural, sosiologi sastra, lan religiusitas, manfaatipun sanes kangge waosan gesang ingkang religius kangge pemaos.
Landhesaning teori punika tintingan struktural Robert Stanton, teori religiusitas ingkang dumagi karakteristik, faktor ingkang ngaruhi lan dimensi-dimensi religiusitas lan teori sosiologi sastra.
Wujudipun panaliten punika kanthi metode deskriptif kualitatif. Sumber data panaliten menika novel Podhang Ngisep Sari anggatanipun Hari Jumanto lan Hari Jumanto ingkang nganggit novel Podhang Ngisep Sari ingkang dipunterbitaken Elmatera taun 2019. Data wonten panaliten menika arupi teks novel Podhang Ngisep Sari, unsur-unsur intrinsik novel ingkang dumagi saking fakta-fakta cariyos (karakter, alur, latar, tema), lan sarana-sarana cariyos (judul, sudut pandang, gaya basa lan tone, simbolisme lan ironi), aspek-aspek unsur sosiologis sastra lan asilipun wawancara kaliyan penganggit. Teknik pangempaling data ingkang ngginaken punika teknik content analysis lan wawancara. Teknik analisis data ing panaliten punika reduksi data, penyajian data lan kapendhetan dudutan.
Dudutan panaliten inggih punika (1) adhedasar saking teori struktural ing novel Podhang Ngisep Sari anggadhai rumaketing unsur satunggal lan sanesipun. (2) adhedasar saking religiusitas tokoh ing novel Podhang Ngisep Sari dipundhasari saking pendhidhikan, pengalaman, kabutuhan gesang, lan proses panginten verbal. (3) adhedasar saking analisis relevansi religiusitas lakon novel Podhang Ngisep Sari ngandharaken indhakan religius lakon ingkang saged kangge tulada lan pepeling tumpraping bebrayan.

Tembung Wos : Novel Podhang Ngisep Sari, Religiusitas, Sosiologi Sastra.

 

×
Penulis Utama : Riyan Widayat
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : B0115048
Tahun : 2020
Judul : Religiusitas Tokoh dalam Novel Podhang Ngisep Sari Karya Hari Jumanto (Kajian Sosiologi Sastra)
Edisi :
Imprint : Surakarta - Fak. Ilmu Budaya - 2020
Program Studi : S-1 Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS - Fak. Ilmu Budaya, Jur. Sastra Daerah - B0115048 - 2020
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Dra. Sundari, M.Hum.
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. Ilmu Budaya
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.