Penulis Utama : Sukma Hadi Saputra
NIM / NIP : B0115055
×

Abstrak

Prekawis ingkang dipunrembag wonten ing panaliten punika: (1) Struktur ingkang ambangun novel Tante Haryati anggitanipun JFX Hoery miturut teori fiksi Robert Stanton lan, (2) Dinamika psikologis paraga Maryani wonten ing salebeting novel Tante Haryati anggitanipun JFX Hoery miturut psikologi Carl Ransom Rogers.
Ancasipun panaliten punika: (1) Ngandharaken unsur-unsur struktural  ingkang ambangun novel novel Tante Haryati anggitanipun JFX Hoery miturut teori fiksi Robert Stanton lan, (2) Ngandharaken dinamika psikologis paraga Maryani wonten ing salebeting novel Tante Haryati anggitanipun JFX Hoery miturut psikologi Carl Ransom Rogers. Mupangat teoretis panaliten punika supados saged muwuhi pangertosan ngenani studi analisis babagan kasusatran Jawi, utaminipun wonten ing panaliten novel Jawi ingkang ginakaken pendekatan psikologi sastra. Mupangat praktis panaliten menika kagem tuntunan supados mangertosi proses dinamika psikologis sawijining tiyang saha tuntunan panaliten selajengipun ingkang gandheng kaliyan studi analisis kasusastran jawi.
Wujudipun panaliten inggih punika panaliten sastra ingkang sipatipun deskriptif kualitatif. Sumber data panaliten wonten ing novel Tante Haryati anggitanipun JFX Hoery salebeting Sanggar Sastra Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) lan dipun terbitaken Azzagrafika Yogyakarta ing wulan Februari 2019. Data panaliten inggih punika arupi unsur-unsur instrinsik ingkang miturut teori struktural Robert Stanton lan Dinamika Psikologis paraga Maryani salebeting novel Tante Haryati anggitanipun JFX Hoery miturut Teori Psikologi Carl Ransom Rogers.
Asilipun analisis panaliten inggih punika: (1) unsur struktural wonten ing salebeting novel Tante Haryati anggitanipun JFX Hoery nedahaken nyawijinipun setunggal unsur kalihan unsur sanesipun kanthi raket, (2) dinamika psikologis novel Tante Haryati anggitanipun  JFX Hoery ngemot bab sesulihing rasa tokoh Maryani. Sesulihing rasa punika dumadi amargi boten sinkronipun antawisipun pikajengan kaliyan kasunyatanipun ingkang dipunlampahi dening Marni. Bab menika dipunandharaken mawi teori dinamika psikologis Carl Ransom Rogers.

Tembung wos : Dinamika psikologis, Novel, Psikologi sastra.

 

×
Penulis Utama : Sukma Hadi Saputra
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : B0115055
Tahun : 2020
Judul : Dinamika Psikologis Tokoh Maryani dalam Novel Tante Haryati Karya JFX Hoery (Tinjauan Psikologi Sastra)
Edisi :
Imprint : Surakarta - Fak. Ilmu Budaya - 2020
Program Studi : S-1 Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS - Fak. Ilmu Budaya, Jur. Sastra Daerah - B0115055 - 2020
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Siti Muslifah, S.S., M.Hum.
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. Ilmu Budaya
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.