Penulis Utama : Fitria Eliyana
NIM / NIP : B0116028
×

Abstrak

Prêkawis ingkang dipunrêmbag wontên ing panalitèn punika 1) kadospundi suntingan teks Sêrat Panca Pranawa ingkang lêrês jumbuh kalihan tatacara panalitèn filologi? 2) kadospundi gêgayutanipun makrokosmos saha mikrokosmos salêbêting Sêrat Panca Pranawa?
Ancasing panalitèn punika 1) nyawisakên suntingan teks Sêrat Panca Pranawa ingkang lêrês jumbuh kalihan tatacara panalitèn filologi. 2) ngandharakên gêgayutanipun makrokosmos saha mikrokosmos salêbêting Sêrat Panca Pranawa.
Wujuding panalitèn punika panalitèn filologi ingkang sipatipun deskriptif kualitatif. Sumber data panalitèn punika Sêrat Panca Pranawa ingkang arupa naskah bendhêl, nomêr katalog SMP – RP 366 ingkang kasimpên wonten ing Perpustakaan Museum Radyapustaka, data panalitènipun punika teks Sêrat Panca Pranawa ingkang awujud prosa mawi aksara Jawa carik. Data panalitèn kajian isi naskah punika informasi makrokosmos (jagad agêng) saha mikrokosmos (jagad alit). Sumber data kajian isi punika teks Sêrat Panca Pranawa ingkang sampun rêsik saking kalêpatan.  Teknik pengumpulan data dipunwiwiti nalika nampi digitalisasi Sêrat Panca Pranawa koleksi Perpustakaan ISI Surakarta, kalajêngakên kanthi maos katalog naskah kangge pados informasi ngengingi irah-irahan naskah ingkang sami sarta panggenan naskah punika kasimpên. Sasampunipun nampi informasi wau, dipunlajêngakên kanthi pangêcekan tumuju panggenan naskah Sêrat Panca Pranawa kasimpên. Tahap salajêngipun punika digitalisasi naskah supados naskah Sêrat Panca Pranawa sagêd dipuntranslitrasikakên.  
Teknik analisis data salêbêting panalitèn punika wontên kalih prêkawis 1) analisis data kanthi cara filologi migunakakên kritik teks kangge ngasilakên teks ingkang rêsik saking kalêpatan saha penyuntingan teks migunakakên metode landasan (kangge naskah jamak). 2) analisis isi kanthi migunakakên analisis model interaktif tiga komponen analisis, inggih punika reduksi data, penyajian data, saha penarikan kesimpulan.
Dudutan panalitèn punika 1) dipunasilakên suntingan teks ingkang rêsik saking kalêpatan adhêdasar bukti-bukti wontên salêbêting naskah ingkang dipunkritisi, inggih punika dipunasilakên varian salêbêting teks. Cacahipun varian ingkang dipunasilakên 44 kadosta : lakuna huruf 7, lakuna suku kata 2, lakuna kata 3, lakuna kelompok kata 3, saut du meme au meme 4, hypercorrect 10, adisi 1, adisi suku kata 3, perubahan/ kesalahan penyalinan yang mengakibatkan perubahan makna 8, sinonim 2, saha transposisi cacahipun 1. 2) salêbêting teks Sêrat Panca Pranawa wontên andharan ngengingi alam donya (jagad agêng), manungsa (jagad alit) saha Allah ingkang nitahakên. Allah nitahakên alam donya lan manungsa, pramila kêkalihipun gadhahi gêgayutan. Wontên gangsal pambêgan (Panca Purwanda) inggih punika: 1). ambêging surya, 2). ambêging bumi, 3). ambêging angin, 4). ambêging sagara, 5). ambêging akasa.

Têmbung wos: Serat Panca Pranawa, Kosmos, Makrokosmos/Mikrokosmos, Watak

 

×
Penulis Utama : Fitria Eliyana
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : B0116028
Tahun : 2020
Judul : Serat Panca Pranawa (Tinjauan Filologis dan Kajian Makrokosmos/Mikrokosmos)
Edisi :
Imprint : Surakarta - Fak. Ilmu Budaya - 2020
Program Studi : S-1 Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS - Fak. Ilmu Budaya, Jur. Sastra Daerah - B0116028 - 2020
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Dr. Supana, M.Hum.
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. Ilmu Budaya
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.